Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Mabni-Mu’rob”
(Sholeh & Akrom Kaping 30)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Leh, awak dewe mbesuk nek lulus ko kene ape nyambut gawe opo yo wong ora nduwe keterampilan opo-opo? Umpomo ape dadi kuli, mengko podho digremengi wong: wong cah pondok og dadi kuli? Umpomo ora kerjo opo-opo, mengko podho dirasani wong: anake pak iku lho gerang daplok kok ora kerjo malah tengak-tenguk bloko!”
Sholeh: “Yo iku wes dadi resikone awak dewe Krom. Ndisik bapakku pas mondokke aku pertama kali yo podho digremeng wong: anakmu mbok dokok pondok ameh dadi opo? Iso mbut gawe opo mengko? Ijeh ngonoiku nek pas muleh, angger kepethuk kancaku mesthi podho ngomong: aku diwenehi wacan-wacan opo ngono lho ben cepet entuk bojo! Eh Leh, aku warai a carane nggawe bom! Mbuh, rumangsane pondok iki panggonane dukun mbek teroris mbuh piye.”
Akrom: “Lha terus mbok jawab piye Leh?”
Sholeh: “Yo angger tak guyu wae ah, ape mbok nggo opo leh? Hehe yo nek coroku omongan-omongan ngono iku wes ora usah digatekke. Awake dewe kok iseh pijer ngurusi omonge wong, yo ora kober dadi wong Krom!”
Akrom: “Lha terus masadepane awak dewe kepiye iki? Nyambut gawe opo? Lha nek ora nyambut gawe ndung terus piye carane ngatasi thomak arep-arep pawewehe wong? Kan ora kabeh cah pondok kudu dadi kyai to?”
Sholeh: “Awakmu ijeh eling bait alfiyyah iki ora Krom? Eling opo ilang?”
وَفِعْلُ أَمْرٍ وَمُضِيٍّ بُنِيَ :: وَأَعْرَبُوْا مُضَارِعًا إِنْ عَرِيَا
مِنْ نُوْنِ تَوْكِيْدٍ مُبَاشِرٍ وَمِنْ :: نُوْنِ إِنَاثٍ كَيَرُعْنَ مَنْ فُتِنَ[1]
Kang artine: "Fiil Amar lan Fiil Madhi iku hukume mabni :: Fiil Mudhari' iku hukume mu'rob yen sepi. Sangka nun tawkid kang nemuni lan saking :: nun jamak muannats kaya lafadz يَرُعْنَ مَنْ فُتِنَ."
Akrom: “Yo ijeh eling to.”
Sholeh: “Jajal aku terangke karepe piye?”
Akrom: “Fi’il amar lan fi’il madhi hukume mabni. Fi’il mudhori’ hukume mu’rob selama ora ketemu karo nun tawkid utowo nun jamak inats.”
Sholeh: “Nah, iku makna tersurate. Makna tersirate ngene. Dadi amar lan madhi hukume mabni. Amar iku artine opo Krom?”
Akrom: “Amar dak perintah a?”
Sholeh: “Yoh, makno liyane?”
Akrom: “Hehe yo Kang Amar cah kayen iku.”
Sholeh: “Hehe malah iku. Dadi ngene, amar iku anduweni makno: 1. Perintah 2. Urusan/Perkoro.[2] Perintah dak tibone songko nduwur to? Nah, maksude kabeh perintahe Gusti lan kabeh seng dadi urusane Gusti iku hukume mabni utowo tetep. Awakmu ngerti opo iku seng diurusi Gusti?”
Akrom: “Opo Leh? Jodoh?”
Sholeh: “Hehe pikiranmu kok jodoh wae leh! Takdir Krom. Urusane Gusti iku jenenge takdir. Dadi kabeh perintahe Gusti, kabeh urusan lan keputusane Gusti, ugo fi’il madhi ateges kabeh perkoro kang wes terjadi ono ing mongso kang wes kliwat iku hukume mabni utowo tetep. Mulane awak dewe ora bakal biso ngrubah opo kang wes dadi perintah, ugo ora bakal biso ngrubah opo kang wes dikersakke Gusti, lan ora bakal biso ngrubah kabeh ukoro kang wus kliwat.”
Akrom: “Masa lalu biarlah masa lalu yo Leh? Hehe.”
Sholeh: “Iyo lah. Dene masa depan utowo fi’il mudhori’ iku hukume mu’rob. Mu’rob iku opo Krom?”
Akrom: “Hehe yo lawane mabni Leh. Nek mabni tetep harokate, berarti nek mu’rob yo ora.”
Sholeh: “Sippz… masa depan utowo fi’il mudhori’ iku hukume mu’rob utowo ora jelas, ora tetep, biso owah-owah selama ora ketemu nun tawkid lan nun jamak inats. Nek ketemu nun tawkid, huruf akhire mudhore’ ndung diwoco opo Krom?”
Akrom: “Yo diwoco fathah Leh.”
Sholeh: “Fathah iku artine opo?”
Akrom: “Fathah iku harokat seng ono nek nduwure huruf iku ah Leh hehe”
Sholeh: “Malah ngajak guyon hehe… awakmu ngerti maknane فتح?”
Akrom: “Eee, nek فتح aku yo ngerti maknane mbukak.”
Sholeh: “Makno liyone ngerti ora?”
Akrom: “Mbuh yo Leh.”
Sholeh: “فتح iku anduweni makno: 1. Mbukak 2. Menang[3], koyo surat al-fath iku kan artine kemenangan to? Nah iki lho intine. Mudhore’e awak dewe, masa depane awak dewe iki ora jelas lamun awak dewe ora nduwe nun tawkid, nun iku niat, tawkid iku tekad seng kuat. Lamun awak dewe kok nduweni nun tawkid iki, awak dewe bakal pinaringan fathah ateges dibukakke dalan tumeko maring kemenangan.”
Akrom: “Owalah duawane ngono jebul nyambung karo omonganku mau yo Leh?”
Sholeh: “Yo mulane wong luru ngelmu iku pancen kudu nduwe niat lan tekad kang kuat Krom. Lah ora gampang terpengaruh omongane wong. Kerono wong seng luru ngelmu iki mesthi dijanji Gusti bakal dibukakke dalan lan digampangke olehe ngambah dalan.
وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا وَإِنَّ اللهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ [4]
Wong-wong kang podho berjuang ingdalem kito (merjuangke agomo kito) bakal kito duduhke dalan-dalan kito. Saktemene Allah iku tetep ingdalem sertane poro wongkang agawe bagus.
“Iki nek mudhore’e awak dewe ketemu nun tawkid bejo entuk fathah, lha trus nek ketemu nun jamak inats ndung piye?”
Akrom: “Yo diwoco sukun ah Leh.”
Sholeh: “Sukun iku artine opo?”
Akrom: “Sukun iku artine: 1. Rokok sukun hehe 2. Anteng 3. Mati.”
Sholeh: “Nah, iki lho kuncine. Wong seng luru ngelmu lamun mudhore’e kok ketemu nun jamak inats seng artine wong wadon iku bakal ketemu: anteng utowo mati. Nek bejo anteng, nek ora yo mati ateges gagal ora entuk opo-opo.”
Akrom: “Oh, iki to makno tersirate bait alfiyyah mau. Nek wes ngerti ngene iki aku ndung ora kudu ngopo-ngopo ndak Leh. Seng nggawe ayem iku ora mung dunyo. Ngelmu ngeneiki rasane adem.”
Sholeh: “Hehe tapi yo nek mbesuk tetep kudu nyambut gawe. Dene sakiki masadepane gak jelas, digawe gak jelas kan yo pancen ben awak dewe ki dikon usaha seng temenanan.”     


[1] Ibnu Malik, Alfiyyah Ibnu Malik.
[2] Ahmad Warson Munawwir, Kamus al-Munawwir.
[3] Ahmad Warson Munawwir, Kamus al-Munawwir.
[4] QS al-‘Ankabut: ayat 69.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar