Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Bahtera, Samudera, Mutiara”
(Sholeh & Akrom Kaping 31)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Lho Krom, awakmu nek jama’ah gak tau numpuk kartu jama’ah tah?”
Akrom: “Iyo Leh. Gene? Penting dak jama’ah to?”
Sholeh: “Iyo seng paling penting pancen jama’ah, tapi numpuk kartu kan yo penting to, disamping kanggo absensi jama’ah yo kanggo menehi tulodho kanggo adik-adikmu cah-cah anyar seng durung pati ngerti peraturan.”
Akrom: “Hehe nyante wae tah Leh, angger titeni wae aku kan biasa manggon pojok shof ngarep dewe, nek gak ono berarti aku ora jama’ah. Lagian aku yo wes mesthi diabsen malaikat. Wes go nyante wae.”
Sholeh: “Yo nek jan-jane secara pribadi si gak popo, tapi iki peraturan seng hubungane mbek wong akeh, yo awak dewe kudu naati senajan awak dewe wes kitung santri senior yo tetep kudu manut peraturan lan menehi contoh kanggo cah anyar-anyar. Nek awak dewe seng kawilang wes gedhe wae ora taat peraturan ora marai apik, terus kepiye cah-cah anyar seng ijeh cilik-cilik?”
Akrom: “Yo wes angger dicatet hadir dak wes to Leh.”
Sholeh: “Eh eh... kok gampangmen ngono? Iki peraturan Krom. Nek ono seng ngelanggar siji kok dijarke wae yo lebar, koyodene peraturan seng ono neng negorone awak dewe, kelaku kanggo wong kere nanging ora mlaku tumeraping wong nduwe. Trus nek koyongono seng tanggung jawab ndung sopo?”
Akrom: “Yo pemerintah to!”
Sholeh: “Lhaiya ngerti ngono kok. Iki dadi tanggung jawabku dadi amanahku, dadi aku pengen ngelakokke seng sak apik-apike supoyo mbesuk nek disidang poro malaikat aku iso njawab kerono tanggung jawab. Nek ono pemimpin kok ngerti ngisorane utowo rakyate ngelakoni olo utowo nerjang aturan kok dijarke wae, mongko pemimpin mau bakal kecatet olo ngluwehi duso seng dilakoni ngisorane amrego nde’e ngerti nanging dijarke wae sak mongko rakyat lan ngisorane kabeh mau iku dadi tanggung jawabe. Trus jawabku kepiye nek awakmu ngelanggar tapi tak njarke wae?”
Akrom: “Yo wes angger dijawab nek aku jama’ah to!”
Sholeh: “Iyo, tapi nek trus kelakuanmu iku nimbulke pelanggaran liyo kan payah to? Dadi aku njaluk tulung lah dibedakke antarane babakan syariat lan hakikat. Awak dewe dak pernah diucal tasawuf Abah to? Bilih Syekh Zainuddin al-Malibary pernah ngendikanke siji syi’ir:
فَشَرِيْعَةٌ كَسَفِيْنَةٍ وَطَرِيْقَةٌ :: كَالْبَحْرِ ثُمَّ حَقِيْقَةٌ دُرٌّ غَلَا[1]
Kang artine: "Mangka syariat iku kayadene kapal, lan thoriqah kayadene laut, nuli haqiqah kayadene inten mutiara kang larang regane."
“Dadi syari’at iki minongko bahtera, toriqoh minongko samudera, lan hakikat minongko mutiara. Telung perkoro mau ki kudu dadi siji ateges senajan awak dewe seumpomo wes tutug maqam haikikat tur wes merkoleh mutiara, yo kudune ijeh tetep nuhuni syariat lan thriqoh kang diumpamakke koyodene bahtera lan samudera, kapal lan laut. Kepiye carane awak dewe biso bali menyang daratan sakbakdane merkoleh mutioro tanpo nganggo bahtera utowo kapal? Ndak awakmu ape ngelangi dewe Krom?”
Akrom: “Yo ora to Leh, dak mateni awak dewe.”
Sholeh: “Iyo makane senajan awak dewe wes iso istiqomah jama’ah kan yo tetep kudu numpuk kartu jama’ah, tetep nuhuni syari’ate mergo wong seng tasawuf thok ora nganggo syari’at iki koyodene wong zindiq, semono ugo wong syari’at thok ora nganggo tasawuf iki koyodene wong fasiq.
مَنْ تَصَوَّفَ وَلَمْ يَتَفَقَّهْ تَزَنْدَقَ، وَمَنْ تَفَقَّهَ وَلَمْ يَتَصَوَّفْ تَفَسَّقَ
Kang artine: "Sapa wonge kang nganggo tasawuf ora faham fiqih mangka dadi zindiq. Lan sapa wonge nganggo fiqih ora faham tasawuf mangka dadi fasiq."
“Ndak awakmu pengen ngelangi dewe sakbakdane merkoleh inten mutioro tanpo numpak kapal? Hehe ora ono wong seng nduweni akal kok ngelangi dewe songko tengah-tengahing samudero temuju daratan sakmongko nek sisehe ono kapal seng wes cumawis lek dienggurke bloko ki ora ono! inten mutioro ki dudu katog-katogke tujuan Krom, dudu iku tujuane!”
Akrom: “Lha trus tujuan seng paling katog ki opo Leh?”
Sholeh: “Tujuan seng paling katog enggeh puniko Gusti Kang ora ono watese Krom.
وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ[2]
Kang artine: “Nyembaho Pengeranmu nganti awakmu ketekan yakin seng temenanan."
Awakmu ngerti yakin seng temenanan Krom?”
Akrom: “Opo iku Leh?”
Sholeh: “Mati Krom! Awak dewe cik lamuno wes merkoleh mutioro, yo kudu njogo bahtero supoyo lestari lan iseh tetep tumemplek samudero nganti awak dewe ketekan yakin kang temenanan yoiku pati.”
Akrom: “Oh ngono to Leh? Yo wes bar iki aku tak numpuk kartu jama’ah terus senajan aku wes cetho welo-welo melu jama’ah.”
Sholeh: “Okesipz… ngene yo cah gedhe tenan!”   


[1] Zainuddin al-Malibari, Kifayat al-Atqiya’.
[2] QS al-Hijr: ayat 99.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar