Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Ojo Dadi Pego”[1]
(Sholeh & Akrom Kaping 40)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Karepem piye leh Krom, sejam pelajarane Yi Sudar mbok tinggal turu?”
Akrom: “Lha ngantuk e Leh, ndek bengi aku bar ngurusi HSM (Himpunan Siswa Mathali’ul Falah). Iki kan ape suronan, dadi yo ropat-rapat nganti wengi. Lagian opo sing diterangke Yi Sudar kan yo ming njelaske pelajaran wingi to, sejarahe Bani Umayyah?”
Sholeh: “Yo ojo ngremehke guru ngono. Senajan mung mbaleni, piwulange guru iku ojo pisan-pisan mbok gegampang senajan awakmu wis paham. Anane ngelmu bisa kumantil sak jeroning ati iki ya goro-goro dibolan-baleni kok, kayadene wong ngecat omah ben supaya dadine apik kan ora ming sepisan anggene ngobahke kuas to? Dak dibolan-baleni to?”
Akrom: “Iyo yo Leh. Lha aku nguantuk e.”
Sholeh: “Ngendikane Abah Nafe’: “Sakiki sing mbedakke antarane santri karo ora iku ming siji, tata krama!”[2] Yai Sudar senajan badane gerah wae tetep tindak kok awak dewe bareng diulang malah turu. Iki dak ora nduwe tatakrama to jenenge? Nek turune lungguh jejeg ngono iseh mending, lha mbok tinggal ndelosor dak jengene nyepele guru a?”
Akrom: “Wis ah wis, barang ngene wae kok sek mbok ceramahi koyongono leh?”
Sholeh: “Lho masalahae iki ora perkoro sepele Krom. Anane tak kandani iku amerga awakmu iseh tak anggep bolo. Awakmu iseh eling zaman Tsanawi kae diwucal Ta’limul Muta’allim?
وَمِنْ تَعْظِيْمِ الْعِلْمِ تَعْظِيْمُ الْمُعَلِّمِ[3]  
“Setengah sangking mulyakno ngelmu yaiku mulyakno guru.”
“Anane ngelmu bisa barokah yo goro-goro takdzim marang guru Krom. Dienggo opo ngelmu dhuwur nek ora nduwe tatakrama karo guru? Awakmu ngerti pego Krom? Pego iku munggah dhuwur ning ora ana ajine! Percuma sekolah matholek nek ora nduwe tatakrama karo guru! Lha trus bedane karo sekolahan liyo ndung opo nek muride matholek wis ora nduwe tatakrama?”
Akrom: “Yo yo Leh. Sepurane sing akeh. InsyaAllah nek pas pelajarane Yi Sudar, aku janji ora ape turu maneh.”
Sholeh: “Yo njaluk ngapurane ojo karo aku to. Matur karo Yi Sudar.”
Akrom: “Matur? Nek dewe aku ora wani Leh. Kancani awakmu ya?”
Sholeh: “Aku gelem ngancani asal awakmu bisa nyekel janjimu.”
Akrom: “Ya ya… Aku janji ora arep turu maneh pas pelajaran Sejarah sing diwucal Yi Sudar. Nek arep pelajaran tak wudhu ndisek ben ora ngantuk.”
Sholeh: “Yo. Ojo dadi pego sing munggah dhuwur nanging ora mbejaji tur ora ngajeni.”


[1] Punika washiyatipun Simbah KH Nur Hamid Anas wekdal wonten acara muwadda’ah ingkang dipun hadiri para Asatidz Perguruan Islam Mathali’ul Falah & Mutakhorrijin 2007.
[2] Punika dhawuhipun Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah wekdal Ramadhan 1435 H/ Juni 2014.
[3] Zarnuji, Ta’lim al-Muta’allim.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar