Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Barokahe Semut”
(Sholeh & Akrom Kaping 39)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Lho? Dungaren nyahmene wis tangi Krom? Biasane iseh ngorok kok hehe.”
Akrom: “Hehe yo ben tau tangi wengi mbarang ah Leh. Iki mau barokahe semut.”
Sholeh: “Opo? Barokahe semut?”
Akrom: “Iyo Leh. Goro-goro mripatku dicokot semut, aku ora iso turu maneh je. Tak golak-goleki pengen tak gintes ora ono e. Semut kok kurang ajar, ngganggu wong turu. Tak merem-meremke maneh ora iso-iso turu. Rasane cekit-cekit kemeng nek mripat. Lha timbang aku tewah-teweh dak mending tak nggo wudhu terus shalat a Leh?”
Sholeh: “Hehe ngono yo joss..”
Akrom: “Pas aku emosi nggolak-nggoleki semut sing nyokot ora ketemu-ketemu, aku ndung kelingan ceritane Mbah Abdullah Salam Leh.”
Sholeh: “Kepiye ceritane Krom?”
Akrom: “Sijineng wektu, ono santrine Mbah Dullah resik-resik kamare beliau. Lha pas nyingkap amben, kang santri kuaget, jebul uakeh banget tinggine. Banjur kang mau matur karo Simbah nyuwun izin diresiki, tapi malah Simbah mboten kerso. Ngendikane beliau: “Ojo! Iku (tinggi) sing nggugah aku nek bengi kok!”[1]
Sholeh: “MaasyaaAllah ngono ya Krom.”
Akrom: “Pancen Simbah Abdullah Salam iku MaasyaAllah Leh. Garwane Simbah Aisyah Abdullah Salam yo podho wae. Pernah sawijineng wektu, ning ndalem uakeh kucing cilik podho nembelek sak nggon-nggon. Bocah-bocah ndalem sing nderekke Mbah Aisyah iki gregeten. Lha piye? Bar diresiki nembelek, bar diresiki nembelek, ngono trus sing ora nggonduk ki ya sopo? Banjur ono sing matur marang Simbah Aisyah. Mbak Ndalem: “Mbah, kucinge niki kulo bucale nggih?”  Mbah Aisyah: “Timbang kucinge, alok kuwe wae sing tak buak. Wong iku sing nulungi aku mbesuk ning akhirat kok.”[2] Beliau-beliau iku MasyaAllah welase karo sopo wae termasuk kewan.”
Sholeh: “Yo nek ngono awakmu tiru to. Tak dungakke semute istiqomah nyokot mripatmu ben awakmu iso istiqomah shalat wengi hehe...”
Akrom: “Waaahh.. Nek istiqomah dicokot semut mripatku dak tambah mbendol guedi Leh???”
Sholeh: “Hehehe...”


[1] Ceriyos punika asring dipun tuturaken para alumni Pondok Pesantren Mathali’ul Huda Pusat ingkang wekdal mondok taseh menangi gesangipun beliau.
[2] Pangendikan punika dipun dhawuhaken Simbah Aisyah kagem mbak-mbak ndalem ingkang khidmah kaleh beliau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar