Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Ngelmu, Angel Tinemu”
(Sholeh & Akrom Kaping 2)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Leh, nek coromu, ngelmu iku asale sangka Basa Arab عِلْمُ tah sangka Basa Jawa Ngelmu sing jare wong njowo ki angel ditemu?”
Sholeh: “Hehe nek coroku cik علم cik ngelmu iki kabeh asale ya sangka ngarsane Gusti Kang Moho Suci!”
Akrom: “Lha nek iku ya wes ora usah ditakokke kabeh wong lha ngerti! Maksude asal basane sing kawitan iku metune sangka ngendi aku kan kepengen ngerti to.”
Sholeh: “Hehe nek coroku ya? Mbuh bener mbuh salah, percaya lah ora yo lah. Ngelmu sing angel ditemu iku asale sangka Basa Arab عِلْمُ kang anduweni makna: ngerteni, ngaweruhi lan makna seng sepadan.[1] Lah iki lho sing kudune awak dewe ngerti nisbate wong luru ngelmu sing pancen angel ditemu. عِلْمُ iku kasusun sangka telung huruf. Awakmu ngerti Krom?”
Akrom: “ع، ل، م Leh!”
Sholeh: “Nah, ngelmu iku dikawiti huruf ع kang tulisane mlungker-mlungker menggak-menggok. Iki tandane wong luru ngelmu sing kepengen pikantuk ngelmu sing bener iki pancen dalane menggak-menggok uga mlungker-mlungker, ora kok lurus bebas ora ono alangan.”
“Lha carane nulis huruf ع iku yo mbutuhke tahapan-tahapan, pertama nuliske lengkungan sing cilik ndisik banjur disusul nuliske lengkungan sing gedhe, iki nandakke yen luru ngelmu iku pancen kudune bertahap ko sithik ko sithik dikawiti perkara-perkara sing cilik-cilik ndisik sing bobote enteng, nuli disusul perkoro-perkoro sing gedhe-gedhe sing abot-abot.”
“Huruf ع iki kalebu huruf sing itungane makhroje angel diucapke kerana manggone ana ing njero. Mulane wong njowo kerep muni “nga” kerana angel lan jerune makhroje ع. Iki nandakke yen wong luru ngelmu iki mbutuhke perjuangan sing keras lan jeru, kudu wigati lan setiti. Lha huruf ع iki kan ora bakal iso kawoco yen ora diharokati to Krom?”
Akrom: “Iyo Leh. Kasroh harokate. Trus piye karepe?”
Sholeh: “Kasroh iku panggone neng ngisor, mulane wong luru ngelmu kudu tawadlu’ lan andap asor, ben ngelmune mbesuk isa kawoco ngarsane Gusti Allah Kang Moho Ngudaneni. Harokat iku artine obah.[2] Mulane wong luru ngelmu seng gelem tawadlu’ andap asor iki disamping ngelmune mbesuk bakal kawoco deneng Gusti, yo bakal obah tetep urip meski seng nduwe wis mati. Wong luru ngelmu ki yo kudu kasroh, awakmu ngerti apa artine kasroh Krom?”
Akrom: “Pecah[3] tah Leh?”
Sholeh: “Siiip Krom. Kudune pecah!”
Akrom: “Maksude kepiye Leh?”
Sholeh: “Maksude pecah iku larut hambur-lebur nyatu-padu karo ngelmu seng pengen ditemu. Deweke nggrangsang utowo hirsh karo ngelmu. Lan olehe nggrangsang nggudak-nggudak ngelmu iku ora kerasa amerga awake wes kalebur dadi siji karo ngelmu kayadene uyah utawa gula sing larut neng njero banyu. Seng ketok mung banyu, seng diluru mung ngelmu Krom!”
Akrom: “Oh ngono yo Leh?”
Sholeh: “Iyo to Krom. Teruske apa ora?”
Akrom: “Yo diteruske to! Iki babakan seng penting je. Aku malah tambah penasaran kok.”
Sholeh: “Oke sip. Nek ngono ayo disruput kopine ndisik Krom hehe. Iku mau lagi tahapan kang kawitan. Sing kaping pindo sak bakdane tahapan ع, wong sing luru ngelmu kudu ngliwati tahapan ل. Huruf ل iki sinambung karo huruf ع. Tulisane ل iku kan tegak lurus munggah, iki nuduhke yen wong luru ngelmu kang wis bisa ngliwati tahapan ع, iki kudu lurus jejeg istiqomah anggene luru ngelmu. Nek nde’e wis iso lurus jejeg istiqomah, nde’e bakalan munggah, bakal diangkat derajate deneng Gusti Allah. Iki-lah sing bisa mbedakke antarane wong pinter karo wong bodho. Tapi sarate yo iku mau, pancen kudu lurus jejeg istiqomah kayadene jejeg luruse garis huruf ل.”
“Lha nek nde’e wis bisa lurus jejeg, banjur nde’e bakal diparingi kluwengan-e huruf ل sing kayadene gantolan, sing bisa nggantol lan nyantol kabeh perkara kang tumiba sangka nduwur, ateges ngelmu sing tumiba saking langit yaiku ngelmune Gusti Kang Maha Ngudaneni. Iki nyocoki karo apa kang didawuhke Kanjeng Rasul Muhammad SAW:
مَنْ عَمِلَ بِمَا عَلِمَ وَرَّثَهُ اللهُ عِلْمَ مَا لَمْ يَعْلَمْ[4]
Kang artine: “Sapa wonge sing gelem ngamalke ngelmu kang wus dingerteni, Allah bakal maringi ngelmu kang durung tahu dingerteni.”
“Lha huruf ل iku yen diucapke kan nemukke antarane pucuking ilat lan cetak utawa langit-langiteng cangkem. Iki nandakke yen wong sing luru ngelmu iki kudune njaga ilat sing nuduhake ati kerana nde’e wis nampa pesen sing tumiba saking Gusti. Huruf ل iki diwoco sukun sing anduweni arti: 1. Anteng 2. Mati. Iki nandakke yen wongkang luru ngelmu kang wis bisa ngliwati tahapan ل mau, nde’e bakal pinaringan anteng manahe adem ayem pikirane kerana kepengenan-kepengenan tumeraping sak liyane ngelmu iki wis mati Krom.”
Akrom: “MaasyaaAllaah, jebul jeru maknane ya Leh. Itungane ya pancen kudu temenanan ben isa kaya ngono. Lha terus tahapan sing terakhir, tahapan huruf م iki maksude piye?”
Sholeh: “Hehe iseh gelem ngrungokke apa ora? Nek wis ora konsen kan mending ora usah tak teruske, ora ana gunane. Ngomong ngalor ngidul koyo penyiar radio malah jebul gak dirungokke hehe.”
Akrom: “Yo diteruske lah. Wong iki justru seng paling akhir. Perkara sing terakhir sing metune kari-kari biyasane kan akeh artine a? hehe.”
Sholeh: “Siiip lah… sak bakdane ngliwati tahapan ع lan  لseng kudune iseh tetep dijogo, wong seng luru ngelmu kudu ngliwati tahapanم . huruf م iku tulisane dikawiti bundelan sing neruske lengkungane ل mau. Iki nuduhke yen wongkang luru ngelmu sing wes merkoleh ngelmu seng tumiba saking Gusti, nde’e kudu bisa njaga lan mbundeli supaya ora padha ucul lan lali. Bundelane م iku ora tau ngejarke ngelmu sing wes terkumpul padha lali lan ucul akhire padha metu sangka bundelan, kerana bundelane iku ora ana celahe.”
“Sakbakdane nde’e bisa mbundeli kaya bundelane م, nde’e kudu bisa neruske nulis huruf م yaiku tegak lurus jejek mengisor. Iki nandakke yen wongkang luru ngelmu sing temenanan sak bakdane bisa ngumpulke lan mbundeli ngelmu kanthi sampurna lan paripurna, nde’e kudu ngamalke lan nularke maring wong-wong kang ana sak ngisore nde’e kelawan ngaji, ngabdi, lan ngabekti. Tahapan م iki tahapan sing makhroje paling njobo, sak bakdane ع sing paling jero, disusul ل sing ana ing tengah. Ana ing tahapan م iki, wongkang luru ngelmu kudu isa ngamalke kanti nyata kerana makhroje م iku ana ing njaba. Sing asale mung teori blaka kang ono ing tahapan ع lan  ل amerga makhroje ana ing njero, kudu dadi nyata lan ana bukti tanda ngabekti. Makhraje م kang nemukke lambe nduwur lan lambe ngisor iki nuduhke yen wong kang luru ngelmu kang wis tutuk tahapan م iku kudu isa nemukke lambe nduwur (حبل من الله) lan lambe ngisor (حبل من النّاس).”
“Huruf م iku ora isa kawoco lamun ora diwenehi harokat, mulane diharakati dhommah Krom. Dhommah iku artine kumpul, nuduhke yen wong seng bener-bener isa merkoleh hakikate علم iku kudu isa ngumpulke lan mersatukke ummat supaya padha bisa tansah bali maring Quran (Kitab) lan Hadits (Sunnah) kanthi jama’ah. Ikilah ngelmu sing bisa njaga ahlussunnah wal-jama’ah Krom. Kerana ikulah, Syekh Zarnuji pernah ndawuhke wonten ta’limul muta’allim bilih sak bagus-baguse  ngelmu iki ngelmu laku lan sak bagus-baguse ngamal iku njaga laku.
أَفْضَلُ الْعِلْمِ عِلْمُ الْحَالِ وَأَفْضَلُ الْعَمَلِ حِفْظُ الْحَالِ[5]
Kang artine: “Sak utama-utamane ngelmu iku ngelmu laku (haal), lan sak utama-utamane ngamal iku njaga laku (haal).”
Dadi ikilah kabeh hakikate ngelmu kang bisa nekakke hikmah utawa kebikjasanaan Krom.”
Akrom: “Ya Allaaah, jebul-jebul ngelmu iku pancen angel tinemu ya Leh ya? Basa Arab jebul nyimpen makna akeh. Munggane aku ora takon awakmu menawa ya aku ora ngerti.”
Sholeh: “Kabeh iku Allah Krom. Awak dewe ngerti utawa ora iki kabeh kersane Gusti. Senajan sing diparingke iki ming sithik, ya tetep kudu disyukuri. Carane nyukuri kuwe ngerti?”
Akrom: “Piye carane Leh?”
Sholeh: “Yo dingamalke sak isane.”


[1] KH Ahmad Warson Munawwir, Kamus al-Munawwir, hlm 966.
[2] Ibid, hlm 256
[3] Ibid, hlm 1208
[4] Hadits punika inggih wejanganipun Simbah KH Ahmad Yasir ingkang asring dipun ngendikaaken wonten ngaos Tafsir Jalalain.
[5] Zarnuji, Ta’lim al-Muta’allim, hlm 4.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar