Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Noto Kawitan, Begjo Pungkasan”
(Sholeh & Akrom Kaping 36)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Aku susah Leh.”
Sholeh: “Susah kenopo leh Krom?”
Akrom: “Lha kepiye kok ora susah? Wong nek mangan wae iso istiqomah, nek ngaji kok ora iso istiqomah? Sak mongko mangan iku mubah, sedeng ngaji iku wajib. Mangan wae nek wayah udan tak rewangi udan-udan, kok angger mangkat ngaji grimis sithik wae kakean alasan. Opomaneh wayah udan-udan ngeneiki, rumangsaku bantal selimute podho ngawe-awe.”
Sholeh: “Hehe wah-wah ngeneiki yo nyindir aku leh Krom. Aku yo podho wae ngono je. Ngajine ora sumbut karo mangane.”
Akrom: “Lhaiyo ngono kui ndung terus kepiye yo Leh ben awak dewe iki iso istiqomah. Yo sak ora-orane antarane hak lan kewajiban iso seimbang, utowo kewajibane seng luweh diutamakke tinimbang hak-e.”
Sholeh: “Wah kok takon aku, wong aku yo durung iso je Krom.”
Akrom: “Yo nek menowo awakmu ngerti, ben aku iki sregep ngaji ngono lho Leh ora gampang aras-arasen.”
Sholeh: “Istiqomah iku pancen kudune dipekso Krom. Ibarate koyo wong loro seng kepengen waras, lha ora ono dalan seng iso numekaake maring waras kejobo ngombe obat seng puaite ora mekakat seng kudune diombe kanti rutin ora keno pedhot. Lamun pedhot kudu mbaleni songko awal maneh. Gelem ora gelem kan yo kudu mekso awake to nek ijeh kepengen waras?”
Akrom: “Iyo yo Leh. Pancen kudune mekso. Tapi paite iku lho aku seng ora betah.”
Sholeh: “Yo paite si iku pancen wes mesthi Krom, tapi nek awak dewe nduwe kesadaran seng gedhe insyaAllah yo iso ngrubah kebiasaan aras-arasen iku mau Krom.”
Imam Ghazali pernah ngendikan yen wong ingdalem kesadarane iku kabagi dadi patang golongan: 1. Wong seng ora ngerti nek nde’e ora ngerti utowo ngerti nek ora ngerti nanging ora gelem ngerti, akhire yo ora iso berubah-berubah babar pisan 2. Wong seng ngerti nek nde’e ora ngerti, akhire gelem luru ngelmu mbenahi supoyo ngerti 3. Wong seng ora ngerti nek nde’e iku ngerti, akhire ngelmune muspro ora migunani 4. Wong seng ngerti nek nde’e ngerti, akhire gelem nularke marang konco-koncone nganti konco-koncone mau dadi podho ngerti.[1]
Seng nduwe kesadaran koyo golongan nomer 2 lan 4 ikilah seng iso ngrubah perkoro seng asale salah dadi saleh, seng asale keblinger dadi bener yo goro-goro kesadarane wong-wong iki. Nek coro Paulo Freire, kesadaran ngeneiki diarani kesadaran kritis, yoiku kesadaran seng iso ngrubah sijineng perkoro tumeko maring keadaan kang luwih apik[2] Krom.”
Akrom: “Berarti aku dak klebu golongan nomer siji yo Leh? Aku ngerti nek awakku iki salah nanging ora gelem mbenahi, kerono kepengenku mung mubeng-mubeng neng njero ati ora tau gelem ngelakoni lan mbenahi. Nek ngene terus dak aku ora bakal iso mundak-mundak yo Leh yo?”
Sholeh: “Wah-wah aku yo podo wae ngono kok Krom. Ngeneiki nek jare Freire iku kesadaran Naif, ngerti neng gak gelem ngelakoni. Istiqomah ya Allaah. Pancen abote sak pore kok Krom, nek ora abot ora dianggep luwih apik songko sewu keramat no go! Menowo kok seng iso marai iseh tetep istiqomah iku goro-goro niate antep lan kesadarane mantep Krom. Le kepengen waras temenanan, ndung le ngombe obat temenanan, akhire waras, akhire tekan. Opoyo iku maksude ngendikane Syekh Ibnu Athoillah yo Krom? yen salah siji tondo yen wong iku apik ingdalem pungkasane yaiku bali maring Gusti ingndalem kawitane.
مِنْ عَلَامَاتِ النَّجَاحِ فِي النِّهَايَاتِ الرُّجُوْعْ إِلىَ اللهِ فِي الْبِدَايَاتِ[3]
"Setengah saking tanda-tanda kabegjan ing ndalem pira-pira pungkasan, yaiku bali maring Gusti Allah ing ndalem pira-pira kawitan."
Akrom: “Lha embuh Leh. Aku ora sek mudeng omonganmu.”
Sholeh: “Winginane pas ngaji Hikam[4] kae diterangke Abah yen salah siji tondo apike pungkasan yaiku bali maring Gusti Allah ingndalem kawitan. Dadi lamun kawitane lan niate kuat, nganti akhir yo insyaAllah bakal kuat. Kerono kawitan iku koyo dene pondasi nisbate bangunan, lamun pondasine kuat yo bangunane kuat. Dak ngono to Krom?”
Akrom: “Waduh, berarti niatku utowo kawitanku dak kurang bener Leh? Wong tekan tengah ndalan senengane pedhot wae je, iseh kalah karo roso-rosone.”
Sholeh: “Hehe yo wes ah wes, mulai sakiki ayo niate ditoto maneh ben ora tibo maneh. Pasrahke kabeh maring Gusti ben dituntun lan ditulungi. Kesadaran lan kepinginan dadi apik iki supoyo terus dijogo Krom kanggo motivasi lan nyemangati. Kadang-kadang tibo perlu, kanggo ngati-ngati mlaku Krom. Koyo pasukan perang Badar ngono kae lho, udan angine tambah banter, semangate tambah santer.”
Akrom: “Iyo yo Leh. ربّنا عليك توكّلنا وإليك أنبنا وإليك المصير[5] 


[1] Abu Hamid al-Ghazali, Ihya’ Ulum ad-Din.
[2] Paulo Freire, Pendidikan Kaum Tertindas.
[3] Ibnu ‘Athaillah as-Sakandary, al-Hikam.
[4] Wekdal seratan punika dipun serat, pengaosan Syarh al-Hikam dipun wucalaken Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah saben dinten Ahad injing wonten ndalemipun beliau.
[5] QS al-Mumtahinah: ayat 4

Tidak ada komentar:

Posting Komentar