Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Mengku Rusuh, Mengku Diwasuh”
(Sholeh Akrom Kaping 35)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Huffftt...”
Sholeh: “Ono opo to Krom kok sajake nggrundel ngono?”
Akrom: “Iki lho Leh... jobin pondok lagi bar tak resiki wes rusohe koyo ngene iki piye jal? Ora kudu emosi tah piye ngene iki? Bola-bali cah-cah pondok wes dikandani nek ape mlebu pondok sandal/sepatune ditus ndisik ben ora ngrusohi jobin, eee malah ora digatekke. Wes ngrusohi ora gelem ngresiki.”
Sholeh: “Hehe yo seng sabar to Krom. Wong lagi musim udan kok.”
Akrom: “Iyo sabar si sabar. Anggenku ngandani wes ora kitung. Siji dikandani banjur mari, malah seng sijine maneh nulayani. Kesel aku Leh ngrasakke cah-cah pondok.”
Sholeh: “Urip wong akeh yo pancen ngono iku Krom. Iki tah lagi nek pondok seng isine cah pondokan kabeh, mbesuk nek mbalik masyarakat seng isine wong werno-werno ndung terus piye? Opo awak dewe trus nyerah ngono moh ngopeni moh ngurusi?”
Akrom: “Yo ora ngono si Leh. Astaghfirullaaah... pancen sabar iki angel yo Leh yo?”
Sholeh: “Hehe yo kawit mbiyen nak iku. Mulane awak dewe iki diutus Gusti ken sami nasehati ing ndalem kesabaran.
تَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ[1]
"Padha wasiyata kelawan kebeneran, uga padha wasiyata kelawan kesabaran."
Akrom: “Iyo yo Leh. Pancen bener kandamu.”
Sholeh: “Nek dipikir-pikir yo Krom, ndunyo iki didamel cepet rusoh, didamel cepet rusak, justru iki Gusti maringi kesempatan awak dewe supoyo merkoleh ganjaran kang gedhe.”
Akrom: “Lha kok iso?”
Sholeh: “Hehe jawabane yo simple wae. Seumpomo anggenmu ngresiki jobin iku ndadekke jobine resik selawase kan ndung ganjaran ngresiki jobin kanggo liyane dak yo wes entek to? Wong ganjarane wes mbok pek awakmu kabeh, sementara seng liyane seng kepengen merkoleh ganjaran ngresiki jobin wes ora kumanan. Mulane ndunyo iki didamel cepet rusoh, ben tetep ing ndalem saben mongso ono seng gelem ngresiki. Didamel cepet rusak, ben tetep ing ndalem saben mongso ono seng gelem ngopeni.”
“Menungso iki dititahke pancen lalinan yo luputan. Gampang tumindak becik, yo gampang tumindak olo. Lha nek tumindak becik terus ora tau ngelakoni kesalahan babar pisan trus opo gunane tobat? Hikmahe yo iki menungso didamel luputan lan lalinan supoyo nde’e tansah bali maring pengeran. Nah, carane bali yo kudu gelem ngibadah, kerono ngibadah lan shalat iku minongko ngedusi awak dewe lan ngresiki songko kotoran-kotoran lan kesalahan-kesalahan seng saben dino awak dewe lakoni. Lha nek ora ono kotoran utowo kesalahan, banjur seng diresiki opo jal? Iki pas karo opo seng pernah diomongke Pak Chaerul Tanjung si anak singkong: “Setiap ada krisis, pasti ada peluang.”[2] Semono ugo jobin utowo kabeh perkoro ndunyo iku saben rusoh mesti ono peluang kanggo merkoleh ganjaran. Dak ngono to?”
Akrom: “Iyo yo Leh. Jebul ngono yo hikmahe?”
Sholeh: “Iyo to Krom. Kabeh didamel berpasang-pasang yo hikmahe ngene iki. Pas karo dawuhe Gusti seng ono ing ndalem Surat al-Mulk bilih Gusti ndamel pati lan urip, apik lan elek, seneng lan susah iki kabeh ono kanggo nguji menungso supoyo dingerteni endi seng becik endi seng olo.
تَبَارَكَ الَّذِيْ بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ :: الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُ[3]
Moho barokah Sopo Dzat Kang anduweni kerathon, hale utawi Dzat mau ingatase saben-saben perkoro iku Moho Kuoso. Kang nitahke mati lan urip supoyo nyobo siro kabeh endi sing paling bagus ngamale. Dzat mau iku Kang Moho Mulyo ugo Kang Moho Pengapuro.
Akrom: “Ohh… hehe aku ndung kelingan film india kabhie kushi kabhie gham kadang bungah yo kadang susah.”
Sholeh: “Hehe laiyo mulane iku, wes ayo mulai sakiki awak dewe wes ora usah nyelo wong liyo senajan cetho welo-welo tumindak olo. Kerono olo-ne wong iku mau iso numekakke maring tobat lan bali ngarso dalem Allah kerono rumongso asor lan ino. Semono ugo awak dewe wes ora usah ngegung-ngegungke ngamale dewe senajan kahanane pancen gedhe, yo wes biasa wae, kerono ngamal seng gedhe iku mau iso numekaake awak dewe maring sifat gumedhe. Ngendikane beliau Syekh Ibnu Athoillah:
مَعْصِيَةٌ أَوْرَثَتْ ذُلاًّ وَاحْتِقَارًا خَيْرٌ مِنْ طَاعَةٍ أَوْرَثَتْ عِزًّا وَاسْتِكْبَارًا[4]
“Maksiyat kang mariske roso ino lan asor iku luwih apik tinimbang tho’at kang mariske roso agung lan gumedhe.”
Akrom: “Astaghfirullaaah… pancen awak dewe kudu ngoreksi lan niti-niti awak dewe trus yo Leh… pancen angel tenan… ngantos Kanjeng Rosul wae ngendikanke: buanget buagus temenanan sopo wonge seng ribut ngopeni celone dewe tinimbang ribut ngopeni celone wong liyo.”[5]
Sholeh: “Iyo Krom, wes mulai sakiki nek awakmu arep ngresiki jobin aku kandani yo ben kecipratan ganjaran hehe.”
Akrom: “Hehe moh ah, mulai sakiki aku pengen latihan sabar, arep tak empek dewe ganjarane.”


[1] QS al-‘Ashr: ayat 3.
[2] Chaerul Tanjung, Chaerul Tanjung Si Anak Singkong.
[3] QS al-Mulk: ayat 1-2.
[4] Ibnu ‘Athaillah as-Sakandary, al-Hikam.
[5] Punika haditsipun:
طوبى لمن شغله عيبه عن عيوب الناس
“Bejo kemayangan temenan kanggo sapa wae kang kethungkul cacate dewe ninggal cacate wong liya.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar