Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Isro’ Mi’roj”
(Sholeh & Akrom Kaping 11)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Lho Leh, iki malam isro’ mi’roj ya?”
Sholeh: “Iyo Krom.”
Akrom: “Layak kok ruamene pool. Neng ngendi-ngendi ono pengajian. Awakmu gak nekani tah Leh?”
Sholeh: “Aku pengen Isro’ Mi’roj dewe.”
Akrom: “Lho? Maksude? Biasane kuwe nek ono pengajian-pengajian iku ndang gagenan kok!”
Sholeh: “Iyo, wingi kae Abah ngendikan. Jan-jane awak dewe iki mbendino yo iso memperingati Isro’ Mi’roj angger gelem tangi bengi terus shalat. Lha sakiki geleme tangi nek ono Barcelona main kok.[1] Yo aku kuatir wae nek kewengen pengajian gak iso tangi bengi mengko bengi, opomaneh iki malam seng istimewa.”
Akrom: “Lha trus aku piye iki Leh? Gak usah mangkat pengajian berarti?”
Sholeh: “Ehhh, kok ngono? Yo angger teko mangkat to. Ojo anut-anut aku. Aku pengen bener-bener memperingati Isro’ Mi’roj ora ming sekedar melu pengajian Krom. Tapi iki lho awakku, ben Isro’ Mi’roj neresep-tumancep neng njero atiku, ben iso isro’, perjalanan wengi tangi nekani shalat madep Gusti, ben iso mi’roj, munggah kabeh wacanku kabeh dungaku tutug tekan Gusti.”
“Mergo ngendikane Kanjeng Nabi nek dalu mesti iki Gusti ngundang-ngundang, endi kawulaku seng tangi bengi eling maring aku ben tak sembadani, endi kawulaku seng ndungo ben tak ijabahi, endi kawulaku seng njaluk ngapuro ben tak sepurani.[2] Pancen nek dillogika iku yo bener e, nek wong seng gelem shalat wengi terus ndungo mesthi diijabahi, soale liyane podho turu, akhire kan kethok dewe cah iku seng melek dewe, dzikir dewe, ndungo dewe. Kadang-kadang tak pikar-pikir pancen bener ngendikane Abah iku mau.”
Akrom: “Yo wes lah. Tapi gak popo kuwe tak tinggal dewean nek kamar?”
Sholeh: “Yo, Gak popo. Aku lagi gak sek pengen rame-rame, yo lagi kepengen temenanan Krom. Soale biasane nek aku nekani pengajian mesti nek bar entuk jajan, banjur entek jajane terus ngantuk hehe. Pengajian-pengajian umum iku seng teko uwakeh, jajane uwakeh, seng ngantuk yo uwakeh. Pancen barang soyo arang soyo larang, soyo kemlarah soyo murah.”
Akrom: “Maksude?”
Sholeh: “Iyo, pengajian umum ngono iku pesertane uwakeh, tapi durung karuan podho ngrungukke temenanan kabeh. Jadi gedhe jumlahe durung mesthi gedhe kualitase. Awal-awal neng Mekkah umat Islam sithik, tapi kualitase top markotop kabeh. Gak ono seng munafik. Bareng Kanjeng Rasul hijrah reng Madinah, umat Islam berkembang pesat, pemeluke tuambah akeh, seng munafik yo tambah akeh.[3] Akeh-akehe sakiki podho gemebyar memperingati Isro’ Mi’roj tapi bar pengajian bar. Seng gak tau shalat yo tetep gak tau shalat, seng istiqomah ngombe yo ijeh tetep ngombe. Jare ditakoni nek pas ape mangkat pengajian, ape reng ndi Lek? Iki lho ape nekani pengajian, Kyaine lucu lho rugi gak mangkat! Dadi kadang-kadang aku susah, soale even-even ngono iku wes kilangan ruh-e goro-goro perkoro liyo seng gak sek ono faedahe.”
Akrom: “Waaah, nyindir aku iki?”
Sholeh: “Yo ora ah. Aku ming ngomongke awakku dewe. Jaremu sekdurunge ndelok wong liyo deloken awakmu ndisik, hehe yo wes kono ndang mangkat, mengko nek wes bar pengajian aku nek keturon gugahen ya, karo gawakke berkate nek ijeh turah hehe.”
Akrom: “Haha ora melu ngaji kok njaluk berkat, huuu…!! Ndang turu kono!! Dasar borok, angger tibo ngorok!.”


[1] Punika dhawuhipun Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah wonten acara peringatan Isro’ Mi’roj ingkang dipun selenggaraaken deneng Keluarga Mathali’ul Falah (KMF) Jepara Tahun 2011 wonten Masjid Agung Baitul Makmur Jepara.
[2] Haditse inggih punika:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ: "يَنْزِلُ رَبُّنَا تَبَارَكَ وَتَعَالَى كُلَّ لَيْلَةٍ إِلَى السَّمَاءِ الدُّنْيَا حِينَ يَبْقَى ثُلُثُ اللَّيْلِ الْآخِرُ فَيَقُولُ مَنْ يَدْعُونِي فَأَسْتَجِيبَ لَهُ مَنْ يَسْأَلُنِي فَأُعْطِيَهُ مَنْ يَسْتَغْفِرُنِي فَأَغْفِرَ لَهُ." متفق عليه
[3] Quraisy Syihab, Sirah Nabawiyyah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar