Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Aksara Pegon”
(Sholeh & Akrom Kaping 37)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Leh... Leh...”
Sholeh: “Hmmm...”
Akrom: “Sampek iki lho aku bingung Leh...”
Sholeh: “Lha ngopo kok bingung?”
Akrom: “Iki lho, aksara pegon... Lafadze arab ning maknane jowo. Bentuke arab ning sejatine jowo. Sampek iki aku iseh penasaran wae kok. Maksude iki piye kok iso ono kedadiyan koyo ngene? Opomaneh iki wis turun-temurun kawit zaman mbiyen, lan wis dadi tradisi ana ing pesantren.” 
Sholeh: “Iku nek coro Nashr Hamid Abu Zaid diarani مُنْتَجٌ ثَقَفِيٌّ, produk budhaya Krom. Aksara pegon iki sejarahe miturut para sesepuh lahir minangka dadi lantaran kanggo nyebarke agama Islam ana ing tanah Njowo. Kawit zaman walisanga wis ana aksara pegon iki Krom. Dadi wayah Indonesia dijajah wong londo, lamun ana suwijineng kitab utawa buku kang mbahas babakan agama kok tinulis nganggo aksara jawa yo mesthi dirampas wong londo.[1]
Akrom: “Lha ngopo kok dirampas Leh?”
Sholeh: “Wong londo iku banget ngertine lamun wong njowo kok kuat agamane, yekti bakal mbahayani tumraping kekuasaane. Mulane iku, supaya wong njowo iki ora ngerti babakan agama, sumber-sumbering agama padha dipegot. Mbuh piye carane supaya wong njowo iki aduh sangka kitab sucine, banjur selawase lawas bodho tur gampang dibodhoni. Wong londo ki ngerti yen para musuhe sing angel dikalahke akeh-akehe amarga padha kuat agamane. Sapa bae kang kuat agamane, mesthi ora gelem tunduk kejaba ing ngersane Gusti.”
Akrom: “Lha trus apa hubungane karo aksara pegon Leh?”
Sholeh: “Dadi aksara pegon kang bentuke arab ananging sejatine maknane jowo iki dienggo ngakali wong londo Krom. Zaman mbiyen lamun ana kitab-kitab mbahas babakan agama kok tinulis nganggo aksara arab iki dijarke wong londo ateges ora dirampas, kerana sing bisa maca lan mahami mung sethithik banget. Mung wong-wong tertentu kang bisa mahami, kang rata-rata wis pernah ngangsu kaweruh senajan sithik ana ing tanah suci. Mulane iku, wong londo padha aweh gelar haji kanggo wong-wong kang wus padha haji lan ngangsu kaweruh ana ing tanah suci iki tujuane supaya bisa diawas-awasi lan diwates-watesi.”
Akrom: “Eee jebul ngono ya Leh? Lha trus kok bisa diarani pegon iku?”
Sholeh: “Pegon iku asale sangka basa jawa “pego” artine mencla-mencle. Iki nek coroku yo minangka strategi kanggo ngakali wong londo sing gawene ngakali wong njowo. Naah, kanggo ngadepi wong sing ilate loro, yo kudu dilawan nganggo ilat loro. Taktik ngene iki diarani musyakalah.[2] Dadi nglawan wong seng ucapane mencla-mencle, yo kelawan perkara kang mencla-mencle. Njabane arab, njerono njowo ora opo-opo. Sing penting tujuan kanggo nyebarke kaweruh babakan agama tekan maring wong liyan. Dak ngono to Krom?”
Akrom: “Iyo yo Leh… Rumangsaku kawit mbiyen, pesantren bener-bener ana, ngraga sukma lan mbalung ana ing dedeking nusantara nganti sakiki.”
Sholeh: “Iyo Krom. Aksara iku mung bungkus, sing penting kahanane, maksude lan intine. Bentuke arab ning maknane njowo iki nandake yen senajan agamane ngimpor wong arab, sukma lan budhayane tetep wong njawa. Sopo maneh sing ngrumat ben wong njowo ora ilang njowone nek ora awak dewe Krom?”


[1] Agus Sunyoto, Atlas Wali Songo.
[2] Istilah punika kasebat wonten ilmu Balaghah Bagian Ilmu Badi’.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar