Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Sansoyo Arang, Sansoyo Larang”
(Sholeh & Akrom Kaping 27)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Zaman sakiki matholek ora pati payu yo Leh?”
Sholeh: “Lho kok iso? Sopo kondo?”
Akrom: “Lha sakiki sekolahan seng diluru wong-wong tuwo seng ape nyekolahke anak kan seng iso marai nyambut gawe nggo luru duit koyodene Sekolah Menengah Kejuruan (SMK) seng wes menjurus neng gone siji keterampilan khusus koyoto tekhnik informatika, multimedia, farmasi lan sak pinunggale. Lha matholek?”
Sholeh: “Matholek podho wae menjurus lho, rumangsaem!”
Akrom: “Jurusan opo emange?”
Sholeh: “Jurusan akhirat hehe menjurus ndandani akhlak Krom. Mulane beliau Syaikhunal Kabir Romo Kyai Sahal saben tahun mesthi pesen maring poro calon mutakhorrijin Mathal’ul Falah supoyo njogo akhlaqul karimah neng endi wae kapan wae.[1]
Akrom: “Akhlaqul karimah?”
Sholeh: “Iyo, akhlaqul karimah Krom! Simbah Kyai Sahal ora tau pesen aneh-aneh, pesene mung siji iku thok!”
Akrom: “Siji tapi pol aboot iku Leh!
Sholeh: “Yo mesthi, wong akhlak iki ngelmu laku, ora mung kari ngomong ngopyok untu. Justru kerono ikilah,  Matholek ora iso ora payu. Kerono zaman sakiki akhlak wes longkooo, wes arang Krom. Wong wes podho kentekan akhlak. Seng akeh podho mentingke dunyo. Barang sansoyo arang dak regane sansoyo larang to? Semono ugo barang sansoyo kemlarah yo regane sansoyo murah. Awakmu eling wasiyate Nabi Ibrahim maring putro-putrone Krom?
يَا بَنِيَّ إِنَّ اللهَ اصْطَفَى لَكُمُ الدِّيْنَ فَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ[2]
Kang artine: "Hai anak-anakku, saktemene Gusti Allah iku wus milihke agama kanggo sira kabeh. Mangka aja padha mati tenan kejaba sira kabeh padha tunduk maring Gusti Allah (Islam)."
Wong-wong kuno nek zaman mbiyen nek arep sedo podho nakoni anak putune: “opo seng mbok sembah nek aku mati le?”
مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ بَعْدِيْ؟
Lha nek wong-wong sakiki nek arep mati seng ditakonke maring anak bojo lan putune kan: “opo seng mbok pangan nek aku mati nduk?”
مَا تَأْكُلُوْنَ مِنْ بَعْدِيْ؟
Akrom: “Hehe bedho tipis lafadze tapi bedho adoh maknane yo Leh?”
Sholeh: “Yo mesthi! Wong-wong ndisik seng diwariske akhlak, lha wong-wong sakiki? Wong seng nduweni akhlak iku ora tau kentekan dunyo Krom. Lha nek wong seng kedunyan? Wes ora entuk akhlake, nek dunyane entek yo bakal kilangan dunyone, mongko dunyo iku mesthi bakal entek. Akhlak ikilah seng nentukke maju orane peradaban sebuah bangsa Krom. Nganti Sejarawan Amerika Arnold Toynbee pernah muni ngene: “kebanyakan, peradaban sebuah bangsa hancur bukan karena sebab yang datang dari luar seperti diserang musuh dsb., melainkan dikarenakan sebab yang muncul dari dalam seperti hancurnya moral dan karakter bangsa itu sendiri!”[3]
Akrom: “Lhaiyo iku tah seng muni wong Amerika seng cetho welo-welo gak seneng mbek Islam, mosok awak dewe seng ngaku-ngaku Islam malah nguber dunyo ninggalke akhlak.”
Sholeh: “Mulane iku neng gene Quran diumpamakke yen wong seng nduweni agomo kok ora ngelakoni ajaran agomone iku koyodene keledai seng nggowo kitab-kitab uakeh nek gegere. Maksude opo kuwe ngerti Krom?”
Akrom: “Keledai nggowo kitab nek gegere? Opo iku maksude Leh?”
Sholeh: “Nde’e digawani kitab seng isine petunjuk dalan kanggo lakune tapi ora iso moco wong diungkuri, lek malah nde’e mloya-mlayu ngalor-ngidul ora karuan parake. Padahal nek nde’e ngerti isine tah ora usah mloya-mlayu ngentekke tenogo ngentekke wektu, wong nek njerone kitab mau ono kabeh kuncine urip neng ndunyo nganti akhirat, ono kabeh peta menuju omah kang boko kanthi selamet lan begjo. Lha kepiye iso ngerti wong kitabe didokok gegere, didadekke braholo didadekke reco neng lemarine, ora tau dibukak diwoco isine?”
Akrom: “Wah, kesindir ngene iki aku Leh.”
Sholeh: “Iyo mulane ojo pisan-pisan muni akhlak iku ora ono regane!”
Akrom: “Lho aku ora muni je!”
Sholeh: “Yo maksudku melu-melu muni. Hehe kerono Kanjeng Rosul SAW iku dak diutus kanggo nyempurnakke akhlak to? Sementara akhlak iku sarat pokok maju mundure peradaban sebuah bangsa, koyo syaire sastrawan songko Mesir Syauqi Dhoyyif:
إنَّمَا الْأُمَمُ الْأَخْلَاقُ :: فَإِنْ ذَهَبَتْ ذَهَبُوْا[4]
Kang artine: “angingpesthine utawi piro-piro kaum iku piro-piro akhlak, mongko lamun ilang opo akhlak mongko podho melu ilang sopo kaum.”
Akrom: “Subhanallah pancen Kanjeng Rasul ki diutus kanggo majukke peradabane menungso yo Leh!”
Sholeh: “Siiipz… Shollu ‘alan Nabi Muhammad!”
Akrom: “Allahumma sholli ‘alayh…”  


[1] Punika salah setunggalipun washiat beliau Simbah KH MA Sahal Mahfudh wekdal maringi ijazah hadits musalsal Tahun 2007.
[2] QS al-Baqarah: ayat 132.
[3] Arnold Toynbee, Sejarah Umat Manusia.
[4] Muhammad Syauqi Dhoyyif, Diwan Syauqi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar