Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Wong Temenan, Ora Wong-Wongan”
(Sholeh & Akrom Kaping 13)
oleh: Sahal Japara

Akrom:
“Leh, mesakke Kang Amin Fattah[1] yo.”
Sholeh: “Mesakke piye to Krom?”
Akrom: “Lhaiyo, wong ape mangkat kuliah nek Al-Azhar Kaero Mesir je, malah kepileh dadi lurah pondok. Eman-eman tenan, wes melu tes, kari mangkate Leh masamu!”
Sholeh: “Mbolak mbalik nek wes jatahe iku kepiye meneh Krom? Kadang-kadang perkoro seng rumangsane awak dewe elek iku justru apik kanggo awak dewe, kadang-kadang yo suwalikke.”
Akrom: “Iyo Leh, tapi bagiku iso luru ngelmu nek luar negeri iku perkoro seng prestisius temenan. durung karuan kabeh wong iso! lha kesempatan iku wes nek ngarep moto, ditinggal kedep sediluk yo ilang leh.”
Sholeh: “Lha trus opo nek gak sido mangkat Mesir trus Kang Amin gak iso luru ngelmu?”
Akrom: “Yo iso, cuman kan eman. kesempatan emas!”
Sholeh: “Tak kandani Krom, ngendikane Syekh Jalaluddin Rumi kabeh perkoro seng ono neng ndunyo iki intine siji nangeng ketoke werno-werno. awak dewe kepengen mangan iwak pitik, kudu mangan iwak bestik, kudu mangan kripik kudu mangan sembarang ndengah iku intine mung siji, opo jal?”
Akrom: “Opo Leh?”
Sholeh: “Intine siji: roso ngeleh. Nek ngelehe wes ilang banjur wareg, kan ora kepengen liyane to? Podhe dene awak dewe kepengen lungo Mesir, kepengen lungo lungo Yaman, kepengen lungo Madinah kepengen lungo ngendi-ngendi iku yo intine siji Krom, opo jal?”
Akrom: “Lha mbuh?”
Sholeh: “Intine siji: roso pengen ngerti Krom! Jaremu belajar iku iso neng ngendi wae.”
خُذِ الْحِكْمَةَ مِنْ أَيِّ وِعَاءٍ كَانَتْ
Kang artine: "Ngalapa hikmah sangka endi wae panggonan."
“Ngelmu iku dak rezeki a? jare sak apik-apike rezeki iku seng cedhak karo wonge? Sopo ngerti lantaran dadi lurah pondok iki Kang Amin iso temenanan le luru ngelmu, iso temenanan le ngabekti marang kyai. Perkoro seng durung karuan iso ditemu nek seumpomo sido lungo Mesir Krom!”
Akrom: “Ngono yo Leh?”
Sholeh: “Iyo Krom! Akeh wong seng sinaune ming neng njowo, tapi ngelmune ngluwehi seng ko luar njowo! Contone: Mbah Sya'roni Kudus iku le mondok nek Kudus bloko, tapi subhanallah ngalime koyo ngono Krom. Akeh lah contone! Durung karuan seng lulusan luar negeri iku iso manfaati kanggo masyarakate. Seng penting dak iku a Krom iso migunani marang liyane?”
Akrom: “Iyo Leh!”
Sholeh: “Lha kanggo opo akeh-akeh mberah-mberah nek gur kemlarah? Sithik lah seng penting berkah, dak ngono a? Syukur-syukur goro-goro berkah iso dadi mberah. Nek jare Pak Alfu Niam, hakikat sesuatu itu ada tiga, ontologis-nya tentang apa? epistimologis-nya tentang bagaimana? trus aksiologis-nya tentang untuk apa?”
Akrom: “Opo iku kok aneh-aneh ngono?”
Sholeh: “Intine nek awak dewe iki menungso yo kudu ngerti nek menungso, kudu ngrumangsani menungsone, kudu menungsaake menungso[2], ngendikane Simbah Gus Mus ngono. Aku iki sopo? Aku kudu kepiye? Aku ono iki dienggo opo? nek telu-telune wes kecekel kabeh lagi iso diarani “wong” temenan ngendikane Abah.”
Akrom: “Mbuh Leh, bingung aku!”
Sholeh: “hehehe Yo wes ah, gak usah mbok pikir nemen-nemen ah, gak penting! Wes ayo sinau, kesuk kan ujian ben sopo ngerti kuwe iso tekan Australia koyo Yi Rozin hehe!”
Akrom: “Siap laksanakan Komandan! Tutukan aaaaa, nggo tuku kopi! Hehe…”


[1] Rencangipun penulis ingkang kepilih dados lurah pondok nalika piyambake nembe proses ajeng kuliah wonten Mesir, tahun 2013.
[2] Pangendikanipun Simbah KH Musthofa Bisyri wekdal beliau ngisi pengajian wonten Jepara. Dhawuh punika asring dipun ngendikaaken beliau. Kados ingkang kaserat wonten buku karangane beliau: mencari bening mata air.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar