Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Tasawuf Sosial & Fiqih Sosial”
(Sholeh & Akrom Kaping 25)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Aku durung ngerti Leh, kenopo pondoke beliau Mbah Abdullah Salam PMH Pusat seng sakiki diasuh Abah kaleh pondoke beliau Mbah Sahal PMH Putra kok kebijakane benten tentang masalah kos makan santri. Seng PMH Pusat sedanten santri kedah kos maem ten ndalem lan mboten diparengaken kost maem ten njawi, sementara PMH Putra sedanten santri malah dianjurkan kost maem ten njawi ten nggene tiyang kampung.[1]
Sholeh: “Aku ndisik yo tak pikir ngono iku Leh. Kenopo kok ngono? Tapi wis ah, tak husnudzdzonni wae yen kabeh Kyai iku tindak lampahe mesthi ono dasar hukume. Lho kok dilalah yo aku diparingi ngerti karo Gusti, eh ternyata pancen beliau-beliau iku gadah dasar lan landasan piyambak-piyambak.”
Akrom: “Trus opo iku Leh? Aku terangke ah ben gak penasaran.”
Sholeh: “Nek Simbah Abdullah Salam nuwun sewu niki pandangan beliau condong ke tasawuf, sementara Simbah Sahal niki nuwun sewu pandangan beliau lebih condong neng gene perspektif fiqih. Dadi podho-podho nyikapi kost maem santri tapi benten pendapate yo mergo benten dasare Krom.”
Akrom: “Yo dijelaske to Leh!”
Sholeh: “Dadi ngene, kebijakan beliau Mbah Dullah majibke santri supoyo podho maem ten ndalem iki ben ora podho ngrusohi tonggo. Sithik akeh nek bocah-bocah podho kost njobo kan mesthi ngrusohi tonggo, mboh nunggak mbayare mbuh malah gak mbayar kan malah payah to? Dados pendapate beliau niki langkung condong ten tasawuf, saget ugi diwastani tasawuf sosial Krom. Disamping ngono, Mbah Dullah niku saking banget tawadlu’e niku diniati ngabdi maring poro santri seng sami luru ngelmu, keranten sinten mawon seng turut andil mensukseskan wong-wong seng podho luru ngelmu bakal digampangake dalane maring suwargo, kaya dawuhe Kanjeng Nabi:
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَلْتَمِسُ فِيْهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللهُ لَهُ طَرِيْقًا إِلَى الْجَنَّةِ[2]
Kang artine: "Sapa wonge kang ngambah sijineng dalan kang ana hubungane karo ngelmu, mangka Gusti Allah bakal nggampangke tumeraping wong mahu sijineng dalan tumeka maring surga."
Akrom: “Lha nek landasane pendapate Mbah Sahal pripun Leh?”
Sholeh: “Ya ngoten, beliau langkung condong ten fiqih, saget ugi diwastani fiqih sosial. Beliau ngersakke supoyo pesantren seng wonten niku bukan cuma mberdayakke masyarakat dalam hal keagamaan thok, tapi juga mberdayakke masyarakat dari sisi ekonomi kesehatan lan liya-liyane. Pesantren kudu dadi pioneer seng biso nggowo masyarakat neng gone kualitas urip seng luwih apik. Dadi nek tasawuf iku konsen nek batin-e sementara fiqih iku konsen nek dhohir-e. Podho-podho mberdayakke neng seng siji jalure tasawuf, seng siji jalure fiqih Krom.”
Akrom: “Oh ngono to Leh? Trus apike awak ndewe nderek pendapate sinten?”
Sholeh: “Yo nderek pendapate kyaine dewe-dewe to.”
Akrom: “Berarti nek aku mondok PMH Pusat gak pareng nderek pendapate Mbah Sahal yo?”
Sholeh: “Secara etika yo gak pareng, begitupun sebaliknya. Aku nek ngibaratke poro kyai seng dados pewarise poro nabi iku koyodene sungai-sungai seng ngeterke buih-buih supoyo tumeko maring samudero kanggo ngeterke maring samudero seng tanpo wates. Selama awak dewe seng koyodene buih-buih iki gelem ngeli anut-nunut karo sungai-sungai iku meskipun bedho alirane, insyaAllah awak dewe bakal ketemu ing samudero, Sopoto samudero iku Krom?”
Akrom: “Lha sopo Leh?”
Sholeh: “Kang aran samudero yoiku wongkang ngumpulke sifat-sifat kasampurnan Jaami'ush Shifaat al-Kamaaliyyah yaiku Sayyidina Muhammad SAW. kanggo numekakke awak dewe maring samudero sing tanpo wates. Awakmu ngerti sopo iku Krom?”
Akrom: “Sopo Leh?”
Sholeh: “Samudero seng tanpo wates iku Gusti Allah Kang Maha Suci Kang Ora Ono Watese, Gusti Allah "Ash-Shomad" Kang Maha Dadi Nggon Sumendene Kabeh Perkoro.”


[1] Kebijakan ingkang kagem Pondok Pesantren Mathali’ul Huda Pusat nalikane seratan punika dipun serat (2014) taseh berlaku. Kebijakan ingkang kagem Pondok Pesantren Maslakul Huda punika berlaku kirang langkung ngantos Tahun 2012. Wekdal seratan punika dipun serat (2014), kebijakan saking Pondok Pesantren Maslakul Huda sampun gantos mewajibkan para santri kost maem wonten ndalem. 
[2] Syarafuddin an-Nawawi, al-Arba’in an-Nawawiyyah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar