Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Pemimpin Kang Diimpi”
(Sholeh & Akrom Kaping 46)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Aku arep takon Leh. Coromu, pemimpin sing dibutuhke wong-wong sakiki iki sing kepiye?”
Sholeh: “Yo sing sesuai karo ayat:
لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُوْلٌ مِنْ أَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ[1]
"Yekti temen-temen wus teka ing sira kabeh utusan kang saking awak dewe ira kabeh kang kukuh maring apa kang ira kabeh rasakke, kang wigati maring ira kabeh, uga santun lan welas maring wong-wong kang padha iman."
Akrom: “Lho.. Lho.. Lho.. iku dak ayat sing biasane diwoco pas berjanjen Leh?”
Sholeh: “Iyo pancen.”
Akrom: “Lha trus kepiye maksude?”
Sholeh: “Iku mau dak nerangke sifat-sifate Kanjeng Rasul a Krom? Bagiku, Kanjeng Rasul iku tetep dadi tuladha sampek mbesuk dina kiamat. Semono uga kanggone pemimpin.”
Akrom: “Iyo Leh. Sing ideal ndung sing kepiye?”
Sholeh: “Sing ideal, siji kudu من أنفسكم, pemimpin iku kudu lahir saking kaume dewe. Amerga sing ngerteni basane kaum, budhayane kaum, ngerteni masalahe uga apa sing dibutuhke kaum.”
Akrom: “Dadi pemimpin iku kudu lahir sangka kaume dewe Leh?”
Sholeh: “Iyo Krom. Dadi lucu nek seumpomo Indonesia iki kok dipimpin wong Amerika. Trus kaping pindo, kudu عزيز عليه ما عنتّم, sing kuat nanggung apa sing dikarepke kaume, ateges bisa numindaake apa kang dadi kebutuhane kaume. عزيز iki uga bisa dimaknani wongkang tegas, ateges ora mencla-mencle, esuk muni tempe sore muni kedele, bisa adil maring kaume uga bisa ngedekke hukum kang ora mbedhak-mbedhake.”
Akrom: “Berarti aku dak ora masuk kriteria wong aku ora tegas hehe nek ana balaku nglanggar yo pakewuh nek arep nindak.”
Sholeh: “Hehe yo aku podho wae nek ngono. Trus kaping telu, kudu حريص عليكم. Awakmu ngerti maknane حريص Krom?”
Akrom: “Nek biasane krungu pas Kyai-Kyai maknani si maknane nggrangsang. Tapi tak pikir-pikir kok ora cocok. Mosok pemimpin kok nggrangsang? Hehe”
Sholeh: “Hehe iyo maksude nggrangsang iki cak-cek cak-cek langsung tanggap nek ana masalah kang ana hubungane karo kaume. Dadi pemimpin iku kudu anduweni sifat حرص iki Krom, kudu anduweni rasa empati maring kaume. Bener-bener bisa ngrasakke mlarate kaume sahingga olehe khidmah maring kaume iki cekatan, cak-cek cak-cek ngono lho Krom. Ora tau diende-ende.”
Akrom: “Waaah aku iki yo ora masuk kriteria maneh wong aku iki klemar-klemer tur lelet nek nyambut gawe hehe”
Sholeh: “Yo sopo ngerti mbesuk nek dadi pemimpin ora Krom hehe”
Akrom: “Trus kriteria sing sak bakdane iku opo Leh menowo aku iso masuk ora ketang siji.”
Sholeh: “Kriteria kang kaping papat yaiku بالمؤمنين رؤوف رحيم, kelawan kaume anduweni sifat penyantun lan penyayang.”
Akrom: “Wah nek iki yo aku rodo nyerempet-nyerempet sithik, senajan kadang kala yo ngamuk barang, tapi kan ngamuke kerana sayang hehe.”
Sholeh: “Hehe yo nek ape koyo Kanjeng Rasul ya mustahil. Amerga wong ki ora ana sing sempurna kaya sifate Kanjeng Rasul. Tapi nek Gusti Allah mbarokahi sijineng pemimpin, insyaAllah kekurangane pemimpin mau bakal dipun lengkapi deneng Gusti Allah.”
Akrom: “Kayata?”
Sholeh: “Kayata? Sayyidina Abu Bakar. Sayyidina Abu Bakar iku piyantune banget welase maring wong liya, saakenan Krom. Banget رحيم-e sampek ora mentolonan. Ananging nalikane dados pemimpin, Gusti Allah maringi Sayyidina Abu Bakar sifat عزيز, kuat, tegas lan bisa adil sahingga bisa nyampurnaake sifatipun Sayyidina Abu Bakar. Semono uga Sayyidina Umar iku piyantun asline عزيز, tegas lan kuat. Saking tegase, beliau dipun wastani الفاروق, kang bisa mbedakke antarane perkara kang haq lan perkara kang bathil. Ananging nalikane dados pemimpin, Gusti Allah maringi Sayyidina Umar sifat رحيم, welas maring kaume sahingga bisa nyampurnaake sifatipun Sayyidina Umar. Ngene iki lho Krom, pemimpin nek diberkahi yo bakal disampurnakke Gusti Allah.”
Akrom: “MasyaAllah tenan ya Leh. Pancen nek diberkahi yo tambah apik sekabehane. Tapi nek ora diridhani yo sak walike yo Leh?”
Sholeh: “Awakmu ngerti pemimpin iku nek coro Bahasa Arab diarani opo Krom?”
Akrom: “Pemimpin dak إمام a Bahasa Arabe?”
Sholeh: “Iyo Krom. Lafadz إمام iki yo nyimpen makna kriteria ideal kanggone pemimpin.”
Akrom: “Lha kok iso Leh?”
Sholeh: “إمام iku kasusun sangka patang huruf Krom. إ, م, ا, م. Nek coro aku patang huruf iki nyimpen sarat-sarat supaya wong bisa dadi pemimpin.
Sepisan, dikawiti إ hamzah tegak lurus kang nduweni harakat kasrah. Iki maksude, pemimpin iku kudu anduweni kepribadian kang apik, anduweni prinsip kang tegas kaya tegak luruse hamzah mau. Ora gampang dipengaruhi wong liya, uga kuat kerana deweke bisa dadi nggon sumendene kaume. Pemimpin kang anduweni prinsip, kepribadian uga anduweni kekuatan lan kemampuan mimpin iki harokate kasrah, kang manggon ana ing ngisor. Dadi senajan deweke bisa, deweke ora jumawa, amerga iseh anduweni sifat tawadlu’ lan andap asor.”
Kaping pindho, pemimpin iku kudu anduweni sifat kaya huruf م kang nduweni harakat fathah. Huruf م iku sifate mbundeli, ateges bisa mersatukke lan gawe rukun kaume. Disamping bisa mersatukke kaume, pemimpin kudu bisa anduweni harakat fathah, kang artine: “terbuka”, ateges bisa musyawarah lan nampa apa kang diusulke kaume.”
Kaping telu, Lamun bisa persifatan kaya dene huruf loro iki mau, deweke bakal keangkat munggah kayadene huruf kang kaping telu yaiku alif ا. Ananging pemimpin mau kudu bisa niru sifate ا kang istiqomah tegak lurus munggah. Bisane deweke keangkat munggah ateges dadi pemimpine kaum, amerga bisa konsisten lan istiqomah njaga sifat huruf loro kang wis kepengker.”
Kaping papat, sakbakdane deweke keangkat munggah, ora kena tenguk-tenguk nek nduwur. Kudu medun maneh, kudu mbundeli kaume maneh kaya huruf م terakhir. Maksude م kang terakhir iki, pemimpin mau kudu bisa mersatukke kaume kanggo tumindak becik, supaya negara bisa makmur lan maju. م terakhir iki bedo karo م sing pertama. م terakhir iki garise tegak lurus mengisor artine, pemimpin mau bisa nggerakke kabeh kaume kanggo makmurake kaume amerga garise medun mengisor. Nek wis bisa kaya ngono, deweke entuk harakat dhommah, kang artine kumpul, ateges kabeh kang dadi kekarepane kaume bisa kaleksanan kumpul dadi siji.”
Akrom: “Wah wah wah… iki to sing diarani pemimpin kang ideal, kang bisa nggowo kebecikan kanggo kaume…”


[1] QS at-Taubah: ayat 128.

1 komentar: