Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



Ngaji, Ora Mbejaji Dadi Aji
(Sholeh & Akrom Kaping 18)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Ngaji posonane wes podho rampung yo Leh, wingi malem jum’at kae khataman ngaos nggene Simbah Sahal, ndek esuk cah-cah PNQ (Ponpes Nurul Quran) yo wes podho pamitan Abuya Minan, mengko sore podo khataman ngaos nggene Abuya Minan. Nggene Abah Zaki yo suk malem senin wes podho pamitan.
Sholeh: Iyo Krom.
Akrom: Lho kok lemes ngono to Leh?
Sholeh: Yo aku di satu sisi seneng banget ngajine wes khatam, tapi di sisi yang lain aku susah Krom.
Akrom: Lha emange susah kenopo to leh?
Sholeh: Kuwe ngerti maksude khatam?
Akrom: Khatam dak yo wes rampung to?
Sholeh: Iyo secara dhohir ngono. Tapi selama awak dewe iseh urip dak ijeh durung rampung-rampung to? Dadi hakikate yo rampunge awak dewe ngaji ki nek wes mati. Bagiku, khatam disamping artine iki rampung, khatam iku yo nduwe makno liyo. Opo kuwe ngerti?”
Akrom: “Mbuh yo, lha opo?”
Sholeh: “Khatam iso iku dimaknai “cap”, koyo dawuhe Gusti Allah:
خَتَمَ اللهُ عَلَى قُلُوْبِهِمْ وَعَلَى سَمْعِهِمْ[1]
Kang artine: "Gusti Allah wis ngecap (nyegel/nutup) ing atase atine wong-wong kafir lan ing atase pangrungune wong-wong kafir."
Awak ndewe seng bangga nek wes khatam ngaji iki opo wes macem dicap “wes iso ngaji”? Ngaji iku ono loro Krom, ngaji teori karo ngaji laku. Nek sekedar khatam ngaji kitab entuk sanad trus iso moco lan muradi kitabe, iku jenenge ngaji teori. Seng angel iku ngaji laku Krom! ngaji laku iku disamping faham teori yo iso nglakoni. Njabane karo njerone podho! Umpomo muni haram, yo cik ono wong cik ora tetep wae harom. Lha sementara koyo awak ndewe ngene iki nek trimo ken moco maknone wae ngono yo enteng2an ah. Seng angel iku nganggo makno seng sak jeroning kitab dienggo nggoleki makno sak jeroning urip Krom! Mulane aku susah, wes khatam ngaji, nangeng kelakuanku ora mbejaji.
Akrom: Aku tek malah miris si Leh.
Sholeh: “Tak ceritani Krom. Mbah Kyai Hamid Pasuruan Wallahu Yarham iku nek ape mucalke kitab mesti ngelampahi ndisek opo seng sak jeroning kitab. dadi nek dereng iso ngelampahi, yo dereng siyos neruske mucale ngantos saget ngelampahi.[2] Dadi ngelmune bener-bener wujud eng lakune.
Akrom: Ngono yo Leh? Dadi aku salah ya nek seneng wong wes khatam ngajine?
Sholeh: “Hehe yo ora to Krom! Wong tahadduts bin-ni'mah kok. Alhamdulillah awak dewe diparingi khatam cik nek ngaji amen ngantuk wae, yo wes mugo-mugo iso ngelakoni ben husnul khitam.”


[1] QS al-Baqarah: ayat 7
[2] Hamid Ahmad, Percik-Percik Keteladanan Kiai Hamid Pasuruan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar