Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Mulang, Rezeki Ora Usah Mamang”
(Sholeh & Akrom Kaping 45)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Aku ngenes kok Krom nek ndelok guru-guru madrasah diniyyah, yo guru-guru TPQ barang. Mulang ngaji sabendino nanging bayarane ora sepiro.”
Sholeh: “Yo justru ngono kuwi kang diarani pahlawan tanpa tanda jasa, sepi ing pamrih rame ing gawe.”
Akrom: “Tapi aku yo gumun kok Leh. Padahal bayarane mung sethithik, nanging biso dienggo nguripi keluargane, biso dienggo nyekolahke anake, lan akeh banget sing kuat mondokke yo nguliahke anak-anake lho Leh. Nek coro diitung-itung ora ketemu nalar.”
Sholeh: “Sing jenenge rezeki barokah yo iku Krom, sithik nanging biso nyukupi lan nyumrambahi. Simbah Abdussalam pernah ngendikan maring santri-santrine: “Kowe mulango! Nek kok nganti ora iso mangan, pathokku okak-okak!”[1]
Akrom: “Berarti wong sing gelem mulang iku rezekine dijamin Gusti Allah ya Leh?”
Sholeh: “Kabeh makhluk asline wis dijamin Krom. Nanging wong sing gelem mulang, iki rezekine insyaAllah mbarokahi. Dadi senajan bagiane sithik, dilalahe keluargane podho sehat, anake podho taat, ndung uripe ora kakean sambat. Sugih sing hakiki yo iki, sugih ati. Ora sugih bondo, nanging gawene ngresulo.”
Akrom: “Wah nek ngono mbesuk awak dewe nek wis muleh tetep kudu mulang yo Leh?”
Sholeh: “Wajib mulang Krom, yo wajib nyambut gawe, supoyo podho entuke. Opomaneh meneh mulang cah cilik-cilik nganti biso nyekseni bilih ora ono kang haq disembah kejobo Gusti Allah lan nyekseni bilih Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Gusti Allah.”
Akrom: “Nek mulang cah cilik-cilik ganjarane gedhe tah Leh?”
Sholeh: “Awak dewe kok gelem ngopeni bocah-bocah cilik nganti biso koyo ngono mau, Gusti Allah njamin surgo tanpo hisab Krom. Koyo dhawuhe Kanjeng Rasul:
مَنْ رَبَّى صَغِيْرًا حَتَّى يَقُوْلُ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ لَمْ يُحَاسِبْهُ اللهُ
Sopo wonge gelem ngopeni bocah cilik nganti biso ngucap “Laa ilaha illallaah”, mongko Gusti Allah ora bakal ngisab wong mau.
“Mulane iku Krom, Mbah Abdussalam ngantos sepuh ngantos dados kyai ageng taseh purun ngopeni bocah-bocah cilik. Simbah Hasyim Asy’ari wae ngantos nangis nalikane sowan ten ndaleme Mbah Abdussalam, keranten manggehi Mbah Abdussalam taseh kerso ngrumati mulang ngaji bocah cilik-cilik.”
Akrom: “Sampek kados ngono tawadhu’e yo Leh?”
Sholeh: “Iyo Krom. Poro Kyai iku koyodene kali. Kali sansoyo gedhe, sansoyo biso nguripi iwak kang macem-macem jenise, iwak-iwak kang cilik ugo iwak-iwak kang gedhe. Wong-wong gedhe diayomi, wong-wong cilik diopeni.”
Akrom: “Wah kudu ditiru iki ceritane Mbah Abdussalam Leh. Wis mugo-mugo awak dewe biso nebureni.”  


[1] Ceriyos punika dipun ceriyosaken deneng KH Ahmad Mu’adz Thohir wekdal wonten haulipun Simbah KH Abdussalam wonten kompleks makam Simbah KH Ahmad Mutamakkin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar