Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Bosone Rupek, Ndunyone Sumpek”
(Sholeh & Akrom Kaping 28)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Aku pualing gak seneng Leh, nek ono wong seng muni al-Quran iku ora ono keistimewaane!”
Sholeh: “Awakmu kok iso ngerti iku ko ngendi?”
Akrom: “Lha wingi Yi Rozien cerios nek kelasku.[1] Kan bakdo nderek acara work shop kang mbahas al-Quran nek Jerman. Kesimpulane opo masamu?”
Sholeh: “Opo Krom?”
Akrom: “Al-Quran iku ora kitab seng istimewa!”
Sholeh: “Lha kok iso ngono iku kepiye?”
Akrom: “Lha mbuh, Yi Rozien wingi yo ngendikan nek gak saget kepiye-kepiye, wong koyo-koyo beliau ki diundang butuhe mung kanggo ndungokke trus dipekso kon nyetujuni keputusan, dipekso wes anger kon muni yo ngono wae.”
Sholeh: “Yo ngonoikulah kelakuane orientalis iku.”
Akrom: “Orientalis iku opo to Leh?”
Sholeh: “Orientalis iku wong-wong barat seng nyinauni kebudayaan timur termasuk agomo Islam seng muncule nek Arab (timur) sak perlu nggoleki kekurangan lan kelemahane dienggo nyerang lan ngejur Islam. Awak dewe nek karo wong-wong ngene iki Krom, entek Bahasa Arabe! Ngasik nek Jerman kono, nek Leipzig iku ono perpustakaan terlengkap seng isine kitab-kitab Arab. Kuwe tau ngerti kitab Tarikh Adab seng nek perpus iku?”
Akrom: “Sing kitabe sampule hard-cover iku kan?”
Sholeh: “Iyo! Iku seng ngarang wong Jerman Krom, Karel Brocklmen diterjemahke Bahasa Arab dining ulama’ Mesir.”
Akrom: “Lhoh? Bakune?”
Sholeh: “Yo saiki tugase awak dewe pancen kudu iso njawab pitakone wong-wong Barat iku, opo keistimewaane al-Quran? Nek kepingin al-Quran ora dielek-elek. Selama iki kan awak dewe nganggep Quran iku kitab suci seng sakral, wedi duso nek ape nafsirke kerono syarate oleh anggene nafsirke seng pancen ketat. Akhire Quran ndung dadi Kitab Suci seng manggone neng njero lemari, ora tau manggon numancep neng ati. Quran apik nek lagune apik kelik-kelik. Quran elik nek suworo seng dienggo moco elik. Opo yo trus ngono? Padahal mukjizate dak yo isine to?”
Akrom: “Nek coro aku yo Leh, wong aku iki ora pati iso Bahasa Arab yo ora iso nafsirke Quran. Pas aku moco buku, aku tau nemu yen pakar linguistik Jerman Ludwig Widgeinstein tau muni ngene: “The limits of language is the limits of world.”[2] The limits utawi kerupekan, of language kang tetep ing ndalem boso, is iku utawi the limits of language, the limits iku kerupekan, of world kang tetep ing ndalem ndunyo, keterbatasan bahasa pertanda keterbatasan dunia  Leh.”
Sholeh: “Hehe sangar men ngono, Bahasa Inggris mbok maknani gandul!”
Akrom: “Sangar no go! Hehe…”
Sholeh: “Lha trus karepmu kepiye?”
Akrom: “Hehe yo nek bagiku kanggo jawab pitakone wong-wong iku mau cukup mbalikke omongane dewe. Jarene Widgeinstein mau kan rupeking boso iku tondo rupeking ndunyo.”
Sholeh: “Trus?”
Akrom: “Lha Quran iki wis 15 abad diwoco terus ora tau mandeg-mandeg. Dikaji terus ora tau mandeg-mandeg. Diomongke terus ora tau mandeg-mandeg. Dikritik terus ora ming pisan pindo. Iki nandakke nek Quran iki bosone ora tau entek ora tau rupek sahinggo ndunyane wong seng gelem moco, ngoco, lan ndadekke konco yo ora tau rupek. Opo iki ora mukjizat Leh? Sansoyo nde’e ngarani nek Quran iku ora istimewa, sansoyo mukjizate Quran iki tambah gedhe wong sansoyo diomongke, sansoyo akeh maneh seng podho bondong-bondong mlebu agamane dewe.”
Sholeh: “Masuk akal Krom. Yo ono benere pangendikane Simbah Gus Dur: Tuhan tidak perlu dibela. Quran iki barang yo ngono, ora perlu dibelo mergo wis biso mbelo awake dewe. Wong-wong kepet iku isane mung kari ngoran-ngarani tapi ora tau biso nggawe sak ayat wae seng mbandingi.”
Akrom: “Seng aneh maneh, wong jare gak istimewa kok didadekke tema kajian nek workshop dak lucu to Leh? Hehe


[1] Punika wekdal beliau KH Abdul Ghaffar Rozien ngasta Mata Pelajaran Bahasa Inggris Tahun 2007 wonten Kelas 3 Aliyah B.
[2] Ungkapan Widgeinstein punika wonten: Abdul Chaer, Sosiolinguistik: Sebuah Pengantar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar