Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Ojo Mandheg Mundak Buthek”
(Sholeh & Akrom Kaping 10)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Krom, aquarium-mu iku lho banyune gentinen. Buthek-e nemen. Ngasi iwak-e dho mangap-mangap neng nduwur sesegen. Mesakke Krom!”
Akrom: “Buthek yo ben buthek. Ngopo kok geger? Nek pengen nggenti yo kono gentinen dewe!”
Sholeh: “Awakmu iki gene to? Kok dungaren sewot men?”
Akrom: “Ape sewot dak lah a, wong seng seng sewot aku wae kok kuwe geger ngopo?”
Sholeh: “Ngene iki lho, nek wong-e wes buthek liya-liyane keno akibate. Iwak mbok tuku-tuku dewe gak gelem ngrumati, ngono iku dak podho karo nyikso to? Wani tuku, kudu wani nguripi. Wani luru ngelmu, kudu wani ngopeni. Kitabmu pirang-pirang jejer-jejer neng rak iku mbok nggo opo, nek kuwe tego ngejarke kewan kelaran-laran ngene iki?”
Akrom: “Mbuh… Mbuh… Mbuh Leeeh… Pikiranku lagi semrawut!”
Sholeh: “Lha semrawut pikirane kok kawit awan mau amen tenger-tenger ndomblong neng kene wae. Ngono iku mbok ya mlaku-mlaku, ngaji tah reng ndi ben pikiran ora buthek! Deloken iku akuarium-mu! Wes gak ono water pump-e, ijeh gak mbok genti banyune wes pirang-pirang minggu, dak mesakke iwakke? Buthek-e nemen goro-goro opo? Kesuwen le mandeg!”
Akrom: “Mbuhhhh… apalanku alfiyah wes ilang kabeh, malah suk nek muleh ape disemak Bapak-ku. Nek gak iso jare gak ape disangoni. Payah Leeeh! Bingung aku, piye iki?”
Sholeh: “Lha pancen opo wae nek wes suwi gak diopeni yo ngono iku, do ilang dewe-dewe! Sopo wae ora pandang bulu, Aku yo wes tau ngono kok. Kuwe eling po gak? Simbah Kyai Sahal pernah ngendikan: “seseorang mulai bodoh ketika ia berhenti membaca.” Pancen bener tenan pangendikane Simbah Sahal iku. Wes tak rasakke dewe Krom. Sansoyo aku moco, sansoyo aku rumongso bodho banget. Nek menungso wes ngrumangsani bodhone, mesthi nde’e gak gelem mandeg mocone. Kerono menungso mulai gak iso ngopo-ngopo iki goro-goro ndeke mandeg! Jumud Krom! Akhire opo? Buthek! Mulane ojo mandeg ben ora buthek!”
Akrom: “Iyo Leh… trus aku kudu piye iki?”
Sholeh: “Yo seng penting berusaha diwoco meneh, diapalke meneh, seng penting ojo ngasi mandeg. Ngapalke perkoro seng wes tau diapalke dak luwih gampang tinimbang ngapalke pertama kali a? Mulakke, daripada awakmu tuku iwak meneh, mending iwak seng ono iku diopeni, kari ngganti banyune thok Krom!. Enak to?”
Akrom: “Ngono yo Leh?”
Sholeh: “Iyo Krooom… Justru wong seng pualing bodho iku seng rumongo wes cukup ngelmune akhire mandeg, gak gelem moco, gak gelem sinau, gak gelem belajar meneh… wong-wong seng ngene iki biasane utek atine buthek koyo aquarium-mu iku, rumongso paling bener dewe akhire nyalahke liyane… gak iso koyo segoro seng luas seng iso nampung iwak seng werno-werno, seng iso nompo pendapate wong liyo, seng iso ngayom-ngopeni masyarakat seng bedo-bedo. Mulane ojo pisan-pisan mandeg Krom, ben awak dewe iso ngrasakke segoro lan nyegoro. Ndang iku aquarium-mu diganti banyune, kesuk mlaku-mlaku mbek aku nek Bulumanis, tak tukakke water pump ben iwakmu seneng ono blukutuk blukutuk-e hehehe.”
Akrom: “Tenan Leh???”
Sholeh: “Iyoo… Cah Pondok ngapusi gak entuk opo-opo… Nek pejabat pegawe yo do entuk duit hehehe…”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar