Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren


“Kholwatan[1]
(Sholeh & Akrom Kaping 26)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Ndisik zaman iseh cilik awak dewe kepengen gelis gedhe, bareng wes gedhe banjur ngalor-ngidul bingung karepe dewe. Lha nek koyongene terus mbesuk nek tuwo ndung kepiye? Trus nek mati kepiye yo Leh?”
Sholeh: “Pancen mangsane urip iku koyodene rino, isuk tangi, awan nyambut gawe, sore nyante-nyante kerono sangune wes cukup sinambi ngenteni wengi seng teko ngampiri. Contone yo koyo mbah-mbah sing nderek kholwatan ngonoiku, wes kari nyante-nyante ngencengi ngibadahe.”
“Aku nek nyawang wajahe beliau-beliau lho tentrem-ayem Krom. Koyo-koyo ngendikanke: lah ngopo aku kok gak ayem wong aku nduwe Gusti Kang Moho Sugih lan Semugih, sing lamun nyedak bakal dicedhaki, lamun eling bakal dicukupi, lamun njaluk mesthi dituruti, lamun ndungo mesthi disembadani? Ngopo aku kudu susah wong aku nduwe Juragan sing lamun aku gelem kerjo sediluk wae mesthi diganjar kelawan ganjaran seng guedhe lan njamin uripku selawase, sing lamun aku gelem nurut nunut lan anut mesthi bakal dituntun dipadhangi lan didudohke, sing lamun aku gelem nyekeli omongane aku bakal keramut keramate? Ngopo aku wedi wong Pengeranku ora tahu ngapusi?”
Akrom: “Iyo yo Leh, wajahe podho mencorong sakmongko nek pas kholwatan iku tah biasane lampune mati.”
Sholeh: “Petheng iku ben pantheng Krom. Wong kulino padhang iku kan rumongso kethok rumongso iso, rumongso ndelok rumongso kuwoso. Padahal gebyaring ndunyo iki kan mung impen-impenen. Lamun lampune mati nuli petheng-ndedhete nemen, banjur katon kabeh sing kasimpen. Mulane mbah-mbah iku mau podho kholwat ben biso ngerti lan ngerasakke kelawan batine kabeh perkoro kang kasimpen kanthi primpen, yoiku Gusti Allah Al-Lathif.”
Akrom: “Jan-jane kholwat ki opo to Leh? Sajake kok uenak ngono biso mbukak lan nyibak perkoro-perkoro kang kasimpen, aku ndung malah kudu melu ig.”
Sholeh: “Kholwat ki sepi, nepi, tur nyepiake seliyane Gusti.”
Akrom: “Berarti ora oleh kumpul wong tah Leh?”
Sholeh: “Oleh ngumpuli angger atine ora lali, kan ngendikane Mbah Dullah ojo mencil sakdurunge muncul mundak kepencil. Nek ape melu yo kudu siap dhohir lan batine amergo iki dudu dolanan, yo ora kanggo jajal-jajalan. Dadi kholwatan sepuluh dino iku kan coro ngono latihan takholly, nyepiake ati lan ngresiki kabeh reget kanggo nyambut rawuhing Gusti Kang Moho Suci ono ing ati. Sak bakdane resik atine, banjur kudu dihias-rias supados Gusti remen, ngene iki diarani tahally utowo maes-maesi. Nah sak bakdane maes-maesi sekirane ati iki wes pantes nampi hudhur-rawuhe Gusti, Gusti bakal rawuh ngebaki ati kerono atine menungso iki minggah Syekh Jalaluddin Rumi iku minongko singgasanane Gusti, ikilah sing diarani tajally.”
Akrom: “Lha trus jan-jane singgasanane Gusti iki ono neng endi to Leh?”
Sholeh: “Katulis neng kitab karangane Mbah Mutamakkin kang aran ‘arsyul muwahhidin bilih Gusti Allah dawuh maring Nabi Musa: ‘Ora usah podho nggoleki Aku, kerono menungso iku nggon munggah-medunKu’[2]. Yo iku mau pancen awak dewe kudu manteske awak lan ati supoyo Gusti kerso manggon lan kerasan.”
Akrom: “Waduh, iki sing angel Leh. Nek koyo aku ngene ijeh seneng dolanan kok dijak temenanan yo pool abot.”
Sholeh: “Yo pancen roto-roto standare kudu wes mbojo ndisik, ben le dzikir ora kelingan dzakar hehe”
Akrom: “Lha nek aku gak payu-payu dak gak iso mlebu-mlebu? Trus?”
Sholeh: “Yo kan malah apik to, iso panteng ngibadah thok ora kober ngopeni anak bojo hehe.”
Akrom: “Wah kok ngono Leh? Iyo nek iso ngibadah panteng, lha nek kepikiran iku petentang-petenteng terus ndung piye?”
Sholeh: “Lhaiyo ideale pancen kudu nikah ndisik, kerono nikah iku nikmat ndunyo seng paling gedhe jarene hehe lha nek wes entuk lan ngrasakke nikmat ndunyo seng paling gedhe kan trus mikir ape nggolek opo meneh wong wes katok? Nek kesasar mlebu dalan buntu dak yo kudu mbalik to ben tutug? Mulane ndang nikah to ben ndang iso melu mlebu hehe.”


[1] Punika salah setunggalipun istilah wonten kalangan ahli tasawuf. Artosipun: nyepi. Kholwatan biasanipun dipun lampahi para murid ingkang sami suluk kanthi mondok wonten syekh mursyid ingkang bombing toriqoh. Wonten ingkang mangsane 10 dinten, 40 dinten, 100 dinten lan sanesipun. Wekdal kholwatan punika, para murid sami siyam lan ninggal dahar perkawis ingkang wonten nyawane, kados iwak laut dst.
[2] Kitab karanganipun Simbah KH Ahmad Mutamakkin punika dipun kaji deneng Zainul Milal Bizawie wonten: Perlawanan Kultural Agama Rakyat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar