Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Mbah Mutamakkin Nduwe Gawe”
(Sholeh & Akrom Kaping 23)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Aku ki banget gumune karo simbah Ahmad Mutamakkin og Leh! Wong uakehe ora kitung podho bondong-bondong moro rene. Sampun sedo ananging iseh saget nguripi wong seng ijeh podho urip, iseh saget ngajak dzikir wong sing ijeh podho urip. Mongko seng ijeh podho urip yo durung karuan iso koyo ngono kuwi.”
Sholeh: “Iku bedhane wali karo ora Krom. Wali iku cik wis sedo-o yo tetep iseh gesang, bedho koyo awak dewe seng ketoke ijeh urip nanging ora iso manfaati kanggo liyan, ora bedho koyo bathang urip. Mulane poro wali iku podo di-hauli diperingati ben podo ngerti sejarah perjuangan beliau-beliau, akhire sak bakdane ngerti podho niru lan mituhu maring tindak lampahe, tur yo kanggo matur nuwun kerono jasane beliau-beliau awak ndewe iso sak ora-orane ngerti agomo, kaya sawijineng dawuh:
لَوْلَا مُرَبِّيْ لَمَا عَرَفْتُ رَبِّيْ[1]
Kang artine: "Diparil lamun ora ono guru kang mbimbing iku mawjud, mongko ingsun yekti ora bakal ngerti temenan ing Pengeran ingsun."
Akrom: “Tapi kenopo yo Leh nek Kanjeng Nabi sing diperingati kok kelahirane (maulid), sedangkan poro wali seng diperingati kok kematiane (haul)?”
Sholeh: “Kanjeng Rosul iku kelahirane koyo dene cahoyo utowo nur seng dienten-enteni ndunyo seng peteng ndedhet. Kelahirane iku rohmat kanggone wong sak alam ndunyo, mulane kudu diperingati lan disyukuri. Kaya syi’iran Arab:
الصُّبْحُ بَدَا مِنْ طَلْعَتِهِ :: وَاللَّيْلُ دَجَا مِنْ وَفْرَتِهِ[2]
Kang artine: “fajar mlethek kerana lahire, lan wengi petheng amerga lungane”
“Lha, dene menungso biasa iku lahire ora nggowo opo-opo alias peteng ndedhet, bisane padhang kan yo kudunge anut-nunut marang cahoyo neng ndi wae nde’e lungo to Krom? Nah, seng mati dalam keadaan entuk cahoyo-nure Kanjeng Rosul ikilah seng kudu diperingati lan disyukuri, kerono wong-wong koyo ngene iki lah seng neruske tugase Kanjeng Rasul madhangi ndunyo. Mulane nek wong biasa iku becik olo-ne peteng padhange didelok songko pungkasane, dene Kanjeng Rosul kan sejak lahir pancen wes cetho welo-welo apike.”
Akrom: “Ohh, ngono yo Leh? Laia wong mensyukuri jasa beliau-beliau kok darani bid’ah darani syirik, ngono iku dak opo a Leh?”
Sholeh: “Hehe nek coro Mbah Gus Dur, gitu aja kok syirik.[3]
Akrom: “Laiyo, wong Pak Karno yo pernah ngendikan, wong-wong gedhe iku seng iso menghargai jasa para pahlawannya.[4] Nek wong wes gak iso ngregani jasa pahlawane, wes gak iso matur nuwun karo menungso, piye carane nde’e iso matur nuwun karo Gusti Allah?”
Sholeh: “Yo iku lah Krom, bedhane wong seng ngerti temenan karo seng setengah-setengah. Podho-podho ngertine nanging bedho ajine, podho-podho iso madangi nanging bedho hasile. Wong seng ngerti temenan iku madangi koyo purnama tengahing wengi seng peteng ndedet, nur-e adem sejuk tur nresep ning ati. Dene seng ngerti tapi setengah-setengah utowo ora pati ngerti neng rumongso ngerti-ngertiyo dewe iku koyo dene geni Krom, bener nde’e iso madangi, tapi nde’e panas tur seneng ngobongi.”
“Dene Simbah Mutamakkin, aku yakin beliau iki wali seng iso ngayomi kabeh golongan, nyatane nek pas syuro koyo ngene iki wong podho tumplek-blek dadi siji nek Kajen podho hurmat haul-e beliau. Ono sing takon khataman bil-ghoibe kapan? Ono sing takon tahlil-e kapan? Ono sing takon kirab lan drum band-e kapan? Ono sing takon khataman bin-nadzore kapan? Ono sing takon manaqibane kapan? Ono sing takon lelangan selambune sarean kapan? Ono sing takon pengajiane kapan? Lan sak pinunggale.”
“Bakul-bakul podho kumpul, bakul jenang, bakul martabak, bakso mie ayam, dolanan, ndangdutan, lan liya-liyane podho kumpul iki kabeh kanggo ngramekke gawene Mbah Mutamakkin Krom. Iki kabeh tondo nek beliau ora tau mbedak-mbedake wong, kabeh butuh diayomi, kabeh butuh dipadhangi Krom.”
Akrom: “Lha ndangdutan, kirab, drum-band iku opo yo ora malah ngrusohi haul? Ora malah nglunturi sucineng maqome beliau Leh?”
Sholeh: “Eh eh, ojo langsung ngarani ngono nek durung ngerti karepe. Justru kabeh ikulah seng iso nglumpukke wong dadi siji podho nguri-nguri ajarane Simbah Mutamakkin. tali silaturrahim seng asale pedhot biso kesambung, seng asale rodo rantas dadi tambah kenceng. Kabeh nglumpuk dadi siji ono ing wadah seng diarani kajen, supoyo wong iki podo aji ijen per-ijen! Kajen iki ibarat sumur jeru seng akeh banyune, dene ono bathang kecemplung, insyaAllah suwe-suwe batange ilang gandane lan wujude kerono banget akehe banyune. Seng awake rusoh kepengen wijik podho wijik banjur dadi becik lan resik, nanging ora ngurangi suci-resike banyu songko setitik.”
Akrom: “Oh ngono yo Leh, nek ngono yo ayo do ndelok ndangdutan kanggo hurmat Mbah Mutamakkin hehe.”
Sholeh: “Husss… Opo kuwe mentolo ngombe peceren, padahal ono sumur seng seger bening adem banyune seng wis cumawis neng ngarepmu?” 


[1] Punika salah setunggalipun dhawuh para ahli tasawuf.
[2] Mishbahul Munir, Kumpulan Qasidah Islamiyyah.
[3] Dhawuh punika kaserat wonten: Argawi Kanditha, Dialog Dengan Gus Dur Dari Dalam Kubur. Buku ingkang mbahas dialogipun Argawi kaliyan Gus Dur.
[4] Soekarno, Di Bawah Bendera Revolusi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar