Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Adang Sego, Kanggo Ngambah Surgo”
(Sholeh & Akrom Kaping 44)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Leh, aku saben sore sakiki diutus adang sego Kyai e. Sakmongko saben sore iki ono ngaji. Lha nek koyongene, aku dak ora iso ngaji.”
Sholeh: “Waah bejo tenan awakmu diutus adang sego. Selamet.. Selamet...”
Akrom: “Lha wong ora iso ngaji kok malah mbok selameti maksudmu kepiye?”
Sholeh: “Ngaji iku ora mung mbukak kitab, ngrungokke lan maknani Krom. Taat maring opo sing didhawuhke Kyai iki yo ngaji lho masamu. Opomaneh diutus adang sego, waahh bejo tenan awakmu.”
Akrom: “Lho kok iso bejo piye ta maksudmu?”
Sholeh: “Awakmu diutus adang sego kanggo cah-cah santri. Lha cah-cah santri iki ora biso ngaji lamun ora mbok adangke sego. Nek podho ngaji kabeh, trus sing masakke daharan kangge Kyai lan poro santri sopo?”
Akrom: “Lha nek aku ora melu ngaji, kitabku dak kosong blong Leh? Mbesuk nek wis mbalik ngomah nek dikon moco kitab ora iso ndung kepiye?”
Sholeh: “Wis ora usah mbok pikir ndisik. Iki dimantepi, opo sing didhawuhke Kyai tandangi, insyaAllah mbarokahi. Opomaneh iku mbantu cah-cah santri sing podho ngaji, podho luru ngelmu. Kanjeng Nabi pernah dhawuh, tak kiro yo awakmu wis apal haditse.
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَلْتَمِسُ فِيْهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللهُ لَهُ طَرِيْقًا إِلَى الْجَنَّةِ[1]
“Sopo wae kang ngambah dalan kang ono hubungane karo luru ngelmu, Gusti Allah bakal nggampangke keduwe wong mau dalan tumeko maring surgo.”
“Lamun awakmu gelem adang sego, berarti awakmu nggampangke cah-cah santri luru ngelmu, amergo bocah-bocah ora usah kangelan masak. Opo wong sing mbantu cah-cah pondok sing bakal digampangke dalan mlebu surgo iki ora bejo tenan?”
Akrom: “Iyo yo Leh. Jebul ngono gedhene ya ganjarane.”
Sholeh: “Lhaiya makane tak selameti. Mbah Abdullah Abahe Mbah Abdussalam Simbahe Mbah Abdullah Salam sijineng wekdal pernah nangkleti Sayyid kang rawuh ten ndaleme badhe ngaos.[2]
Mbah Abdullah: “Yik, ngaji karo nglereki blarak apik endi Yik?”
Sayyid: “Lha minggah panjenengan pripun Mbah?”
Mbah Abdullah: “Nek coroku yo apik nglereki blarak Yik. Wong blarake dienggo ndedek geni dienggo masak bojoku. Dak apik ngelereki blarak a Yik?”
“Trus Sayyid-e mau nggujeng Krom. Lha pancen nek Simbah Abdullah mboten pados blarak ndung garwane mboten saget ndedek geni akhire ndung mboten saget masak. Dak luwih apik nglereki blarak a tinimbang ngaji? Semono ugo awakmu, luwih apik adang sego tinimbang ngaji. Adang sego, kanggo ngambah surgo Krom.”
Akrom: “Yow is nek pancen iki sing dikersakke Kyai, aku nderekke wae Leh. Wong murid neng ngarepe guru iki koyodene mayyit neng ngarepe wong sing ngedusi. Aku yo sam’an wa tho’atan wae. Tapi aku njaluk tulung awakmu iso opo ora?”
Sholeh: “Njaluk tulung opo Krom?”
Akrom: “Yooo nek pas awakmu nganggur, aku tulung wacakke kitabe. Aku pengen nembel makno Leh.”
Sholeh: “Siappp Krom!”     


[1] Syarafuddin an-Nawawi, al-Arba’in an-Nawawiyyah.
[2] Punika dipun ceriyosaken deneng Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah wekdal penulis sowan beliau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar