Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Barokahe Jama’ah”
(Sholeh & Akrom Kaping 7)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Krom, mangan yuuk. Awakmu seng njupuk sego ya? Aku tak ngundang bolo-bolo.”
Akrom: “Oke komandan, siap laksanakan! Wong piro?”
Sholeh: “Wong pitu ben entuk pitulungan!”
Sholeh: “Pak Muhammad Subhan, Mas Agus Ismail Habib, Kaji Muhammad Kholil, Gus Muhammad Musliem Hann[1], ayo do mangan po ora iki?”
Akrom: “Ayo do mangan wooyy… aku wes njupuk sego iki lho!"
(Cah-cah do teko)
Sholeh: “Dungani riyen a Gus!”
Gus Lim: “Bismillah, Allahumma baarik lanaa fiimaa rozaqtanaa wa qinaa 'adzaabannaar....”
(Akrom ape melu ndungo)
Akrom: “allahumma baarik lanaa....”
Sholeh: “Lah opo mbok dungani Krom, wong wes didungani Gus Lim kan wis cukup, wong sunnat kifayah!”
Akrom: “Iyo ben tambah berkah!”
Sholeh: “Enake opo-opo nek jama'ah yo ngene iki. Mangan jamaah, Seng ndungo siji wes nyukupi. Shalat jama'ah seng khusyuk siji wes ketampi. Seng liyane do katut.”
(Joshua, In'am, Topik, Aziz, Kliwon, Mbah Min, Mbah Saeed, Mbah Kliwon do moro)
“Woy woy woy melu woy!!”
Sholeh: “Waduh! Geser sithik geser sithik ey, ayo-ayo!”
(Gus Atho' rawuh, ambi Gathro)
Akrom: “Mriki lho Gus, jejer kulo, taseh muat og!”
Pak Chuk: “Alhamdulillahilladzi ath'amana wasaqana waja'alana minal muslimin...”
Sholeh: “Ijeh ngeleh Pak?”
Pak Chuk: “Wes wareg… segane Mbarokahi tenan! Jatahe wong pitu dipangan wong 16 e do wareg kabeh. Dungane Gus Lim pancen mandi!”
Gus Lim: “Wah-wah iki barokahe Gus Atho’ kok.”
Gus Atho': “Barokahe jamaah ah Gus, kedik lah angger jamaah niku sedanten kecukupan, seng asale do mboten ketampi dungane barokahe jamaah geh dilalah sedantene keturutan. Pas wingi khataman ihya' niko kan Abahe Njenengan dawuh: nek pengen opo-opo keturutan cekelen perkoro telu iki, jama'ah, istiqomah & khidmah.[2]
Gus Lim: (Nggujeng)
Sholeh: “Iyo e mbarokahi tennan. rumangsaku mau segane kurang, jebul berkahe jamaah do entuk pitulungan! padahal yo buthun kabeh iki hehe.”


[1] Rencang-rencang ingkang kasebat wonten mriki nun inggih rencang-rencangipun penulis seangkatan wonten Perguruan Islam Mathali’ul Falah mutakhorrijin tahun 2007.
[2] Pangendikan punika dipun dhawuhaken Simbah KH Abdul Hannan Kwagean Kediri wonten khataman ngaos Ihya’ Ulumuddin Tahun 2013.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar