Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Kinayah Ngopi”
(Sholeh & Akrom Kaping 3)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Isuk-isuk wes ngopi leh Krom!”
Akrom: “Iya Leh, ben dadi Wali je hehe.”
Sholeh: Apa? Dadi Wali? Maksude?
Akrom: Iya, dadi Wali. Mosok kuwe ora eling wingi pas pelajaran Balaghoh Mbah Yasir mbahas Inayah, eh Kinayah ding hehe.”
Sholeh: Iya, ngerti. Tapi maksude?
Akrom: Hehehe Aku ki paham maksude tapi gak sek mudeng pengertiane Kinayah. Mbah Yasir kan nyontohke.
طَوِيْلُ النَّجَادِ أَيْ طَوِيْلُ الْقَامَةِ[1]
Kang artine: “Dawa sarung pedange maksude ki dawa dedeke wonge seng nduwe.”
Lha tak padhakke karo ngopi, ngene: ngopi marai mripat melek, nek mripate melek kan terus eling Pengeran, nek eling Pengeran kan dadi Wali tenan to Leh hehe. Dadi ayo do sregep ngopi ben dadi Wali.”
Sholeh: “Hahaha, Iya nek dadi Wali. Lha nek malah dadi Gali piye jal? Sregep ngopi marai mripat melek, saben melek mripate mesthi ngetem cewek, suwi-suwi kan ya dadi gali to? hehehe.
Akrom: Ngono yo keno hehehe. Tapi aku tulung duduhke pengertiane Kinayah ah Leh, ben mbesuk-mbesuk nek ditakoni anak putuku isa njawab. Aku kan isin nek gak isa njawab, alumni matholek kok gak isa Balaghoh.
Sholeh: “Kinayah iku nek njero Basa Jawa ya kayadene sanepa, ngomongke perkara tapi sing dimaksud iki lumrahe lazime perkara mau, dadi ora makna asline.
لَفْظٌ أُرِيْدَ بِهِ لَازِمُ مَعْنَاهُ مَعَ جَوَازِ إِرَادَةِ ذَلِكَ الْمَعْنَى[2]
Kang artine: “Lafadz kang ngarepke lazime maknane lafadz mau sertane olehe ngarepke makna mau.
Nek coro Bahasa Filsafat, lazime perkara mau diarani asumsi logis.
Akrom: Opo? Konsumsi Logis? Entuk ko ngendi iku kok ana filsafat barang?
Sholeh: Asumsi Logis Krom! Entuk ko fesbuk hehehe balaku kan ana sing ahli filsafat, dadi nek update status ki senengane babakan filsafat wae hehe.. yo itung-itung kuliah gratis. Nek coro manthiq ngelmu logika bab qiyas utawa silogisme, kan ono muqaddimah sughro muqaddimah kubro, premis minor premis mayor. Lha Kinayah iki nutur muqaddimah shugro tapi karepe muqddimah kubro, menowo kok ngono hehe. Pak, kantong Akrom kering, maksude njaluk kiriman hehehe.”
Akrom: “Ooo ngono to Leh.” (nyruput kopi)


[1] Jalaluddin as-Suyuthi, Syarh ‘Uqud al-Juman, hlm 101.
[2] Ibid.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar