Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



BBM (Beban Berat Masyarakat)
(Sholeh & Akrom Kaping 15)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Leh, aku kaget mau pas ngisikke bensin motormu, tuku ngecer rumangsaku regane ijeh 5 ewu e malah wes 7 ewu, lha wis kadung muni 2 liter, malah duitku mung 10 ewu. yo ngebon ndisek leh!”
Sholeh: Iyo yo Krom, wong-wong lagi krungu kabare mundak, durung mesthi mundake piro wes diundaki ndisik. malah dienggo perayaan, umpak-umpakan. kabeh rego ndung do terus mundak e.
Akrom: Aku susah ngeneki Leh. biyasane nek BBM mundak, mbayar kost mangan melu mundak, mbayar syahriyah mundak, mbayar khoirot mundak kerono sembarang ndengah podo mundak. padahal bayarane bapak gak mundak-mundak, kan aku ewuh nek njaluk sangu mundak.
Sholeh: Iyo Krom, seng sabar ya! Lha piye meneh? awak dewe iki wong cilik, iso ora iso, ora iso ora kudu nrimo ing pandum. petani podo ditaleni, wong dodol podo kodol, nelayan podo dadi pelayan, buruh podo ngeluh, awak dewe santri seng penting iso cedhak marang kyai ngono wes ayem Krom. nek wes ayem, kabeh masalah podo kerem Krom.”
Akrom: “Aku yo mesakke bapak kadang-kadang nek pas ngopeni sawah, rino wengi moro sawah, pupuke ngeneki tambah larang, regane beras paling mundak yo gak sepiro. wes gak cucuk pokoke antarane tenogo, wektu ambi hasile. nek gak diniati ikhlas tenanan yo ora ono artine. kadang tak ken nglereni le nyewo sawah wong untunge mboten wonten, tapi jare bapak aku ora kuatir ora iso mangan Krom mergo le nandur wes tak niati kanggo makani makhluke Gusti Allah, dene dipangan wereng, tikus, yo awak dewe kudune syukur Krom mergo seng ditandur bapakmu iso manfaati kanggo makhluke Gusti Allah. aku gak mentolo ndelok bapak neng omah Leh, rasane kudu melu nyonggo ben bapak gak kaboten.”
Sholeh: “Wes Krom, ojo mikir iku ndisik! Tugase awak dewe sakiki ora luru pengupo jiwo, tapi luru ngelmu. Pumpung awak dewe iseh gelem mondok iseh ono seng mbiayayani, kudune njogo semangat njogo حرص sampe kapanpun. mergo wong tuwo iku ora tau arep-arep balesan opo-opo kecuali anake iso dadi wong seng manfaati marang liyane, supoyo iso manfaati kan yo mondoke luru ngelmune kudu tenanan Krom, wes tah seng mantep bakal antep, kaya sing pernah didawuhke Mbah Yahya al-Imrthi:
إِذِ الْفَتَى حَسْبَ اعْتِقَادِهِ رُفِعَ :: وَكُلُّ مَنْ لَمْ يَعْتَقِدْ لَمْ يَنْتَفِعْ[1]
Kang artine: "Kerana bocah enom iku bakal keangkat amerga kemantepane :: Lan saben-saben wong kang ora mantep ora bakal manfaat."
Akrom: “Iyo Leh, tak rasak-rasake wong cilik panci soyo mendelik. aku gumun karo pemerintah, mbok yo digawekke kebijakan liyo supoyo rego BBM iki ajeg, mergo BBM iki perkoro seng menjalar المتعدّي, kapan nde'e mundak liyane yo melu nanjak. Jan-jane ngono iku dak ngopeni perkoro seng menjalar ndidisk a seng diutamakke? Wong ngendikane Mbah Jalaluddin Suyuthi:
الْمُتَعَدِّيْ أَفْضَلُ مِنَ الْقَاصِرِ[2]
Kang artine: "Perkara kang dawa (njalar) iku luwih utama tinimbang perkara kang cekak."
“Tur yo keputusane pemimpin iku kan kudu dibalikake maring kemaslahatan to Leh?”
تَصَرُّفُ الْإِمَامِ عَلَى الرَّعِيَّةِ مَنُوْطٌ بِالْمَصْلَحَةِ[3]
Kang artine: "Keputusane pemimpin ing atase rakyate iku kudu disendenke maring kemaslahatan."
Sholeh: “Aku ndung kelingan winginane pas pelajaran Balaghoh Simbah Yasir nyontokke بديع جناس, kalimah loro kang serupo lafadze nanging bedho artine. Ning nggone kono ono sijineng syi'iran:
إِذَا مَلِكٌ لًمْ يَكُنْ ذَا هِبَةٍ :: فَدَعْهُ فَدَوْلَتُهُ ذَاهِبَةٌ[4]
Kang artine: nalikane ono rojo kok ora tahu menehi opo-opo ora tahu mbangun opo-opo ora tahu melakukan perubahan opo-opo, wes njarke wae, ora usah didukung meneh, sediluk ngkas keratone bakal sirno.
Tapi aku percoyo Krom. Bumi ngendi wae, ora mung ngrasakke mendung, gludug lan udan, amerga bumi uga ngrasakke sinare srengenge kang anget lan bisa nggugah kahuripan. Lan siji, ojo pisan-pisan muni srengenge ora mlethek, gara-gara ketutupan mendung. Sing sabar. Sediluk ngkas insyaAllah padhang maneh.”
Akrom: Iyo Leh, tapi aku ijeh kepikiran bapak terus e.
Sholeh: “Krom, ora usah susah, ora usah mikirke rezeki seng wes dijatah. percoyo wae nek wong-wong seng gelem berjuang nek jalane Gusti bakal dijamin lan dituntun uripe nganti mati, kaya kang didawuhke Gusti:
وَالَّذِيْنَ جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا وَإِنَّ اللهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ[5]
Kang artine: "Wong-wong kang padha temenanan ing ndalem (ngambah dalan) kita, yekti bakal kita tuntun temenanan ana ing dalan-dalan kita, lan saktemene Gusti Allah iku tetep ing ndalem sertane wong-wong kang padha agawe bagus." 
“Sing penting angger wong tuwane awak dewe iki didungakke trus angger bar sholat. Trus karo moco يا حيّ يا قيّوم angger bar shalat subuh peng sewu ben pinaringan gesang istiqomah lan bisa mandiri. Ngendikane Simbah Gus Mus[6] kaleh Simbah Kyai Hannan[7] iki dungo ben awake dewe diparingi sugeh ati, sukur sugeh sekabehane.
Akrom: Suwun yo Leh, katutke aku nek awakmu ndungo.
Sholeh: “Yo dungo dinungo ben ora dongah-dongoh.”


[1] Yahya al-‘Imrithi, Matn al-‘Imrithi.
[2] Jalaluddin as-Suyuthi, al-Asybah wa an-Nadhair.
[3] Ibid.
[4] Abdurrahman al-Akhdlori, Syarh Jauhar al-Maknun.
[5] QS al-‘Ankabut: ayat 69
[6] Dipun dhawuhaken Simbah KH Musthofa Bisyri wekdal ngisi pengaosan wonten Radio Mata Air.
[7] Dipun dhawuhaken Simbah KH Abdul Hannan wekdal khataman ngaos ihya’ ulum ad-din

Tidak ada komentar:

Posting Komentar