Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



Lumaku Ing Ndalem Gawan
(Sholeh & Akrom Kaping 22)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Tahun hijriyyah wes ape ganti, nanging apalanku ijeh durung kanti-kanti, Ya Allaaah...”
Sholeh: “Ono opo to Krom sajakke kok nggresah?”
Akrom: “Lha iki wes meh Suro tapi apalanku lagi sak mene ndak Leh. Sedino mung telung larik, aku dak yo susah to? Lha bolo-bolo ki apalane do cepet-cepet opomaneh awakmu sedino iso nganti telung halaman. Aku wae lagi latihan mlaku, lha liyane wes podho mblayu.  Kok dedelmen aku Ya Allaaah.”
Sholeh: “Yo ojo ngono a Krom, penting dak ijeh mlaku to? Alon-alon waton kelakon.”
Akrom: “Opooo? Nek aku yo alon-alon ora kelakon-kelakon.”
Sholeh: “Abah Zaki iku pernah ngendikan pas acara perpisahan & wisuda al-Quran[1] yen  lakune wong luru ngelmu seng usaha supoyo tutuk lan hasil maqsude iku ono telung golongan:
1.    Golongan seng mlakune nganggo wetenge koyodene cacing, ulo dsb. (مَنْ يَمْشِيْ عَلَى بَطْنِهِ)
2.    Golongan seng mlakune nganggo sikil loro koyodene menungso (مَنْ يَمْشِيْ عَلَى رِجْلَيْنِ)
3.    Golongan seng mlakune nganggo sikil papat koyodene macan, jaran dsb. (مَنْ يَمْشِيْ عَلَى أَرْبَعٍ).
“Ono seng mlakune lamban, sedengan, lan cepet. Iku sunnatullah Krom.”
Akrom: “Lha nek aku ijeh cacing terus dak ditinggal adoh bolo-bolo Leh?”
Sholeh: “Yo caramu mikir ojo ngono a Krom. Lakune cacing ojo mbok padakke koyo lakune jaran, amergo panggonane bedo-bedo. Dipeksoho koyo opo cacing nek kon mlaku koyo jaran yo ora bakal iso. Ndunyane rusak yo mergo ngene iki, cacing podho pengen dadi jaran. Cacing digawe lamban iku supoyo nde’e sabar anggene ngolah lemah seng asale garing supoyo biso subur. Lamun lemahe subur kan sukete podho tukul. Lha jaran mangan opo nek lemahe garing jal? Iku tandane nek jaran ora iso semugih songko cacing. Dene jaran digawe iso mlayu banter supoyo nggampangke menungso anggene ngambah dalan. Dadi medane bedho-bedho Krom, ojo mbok podhokke.”
Akrom: “Berarti aku kudu nrimo ing pandum trus sabar ngono?”
Sholeh: “Saben wong ki mesthi gawane bedho-bedho Krom. Kabeh gawan iku minongko peparinge Gusti Pengeran. Awak dewe kudu nyukuri supoyo Pengeran kerso nambahi kanikmatan. Dene maksudku sabar iki ora ndung trus tenguk-tenguk. Sabar telaten anggene ngapalke meski uangel, meski akale pas-pasan, meski rejekine sedino mung oleh telung larik ananging disyukuri alhamdulillah iki peparinge Gusti insyaAllah mbarokahi. Ojo dipekso, seng penting diusahani.”
“Awakmu ngerti magnet? Magnet seng kagawe songko wesi gampang nggawene tur gampang ilange, ananging magnet seng kagawe songko baja angel nggawene ananging angel ilange.”
Akrom: “Tapi nek aku ki angel apale yo gampang ilange e Leh?”
Sholeh: “Mulane iku kuncine usaha kanti sabar Krom. Wong luru ngelmu iku koyodene poso, ono wayahe sahur, ngeker, lan buko. Ngekere iki lho seng rekoso, mergo akeh godho tur cobo. Akeh seng ngiming-ngimingi awak dewe supoyo mbatalke poso, bareng dibatalke banjur gelo. Iyo to?”
Akrom: “Iyo Leh, aku disemangati terus ya. Munggane aku dewekan ngono aku wes gak kuat. bejo aku nduwe bolo awakmu seng setia ngenteni lan nyemangati aku.”
Sholeh: “Siiip Krom. Tahun baru, semangat baru.


[1] Pangendikanipun Abah KH Ahmad Zaki Fuad Abdillah wonten Haflah Khotmil Quran Ponpes Al-Kautsar & Ponpes Mathali’ul Huda PMH Pusat Tahun 2010.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar